Modern
Showing posts with label Modern. Show all posts
Showing posts with label Modern. Show all posts

Kitab Pasalatan Moehammadijah Tahun 1937 : Bagian II

Pasalatan Moehammadijah
DESKRIPSI NASKAH
Judul : Tuntunan Salat Miturut Putusan Majlis Tarjih
Tipe : Terbitan
A / B : Jawa / Jawa Carkan
Bentuk : Prosa
Ikhtisar : Tuntunan tata cara melaksanakan sholat menurut putusan Majlis Tarjih Moehammadijah tahun 1937 disertai dengan gambar dan keterangan bacaan doa-doa, menggunakan huruf arab dan jawa.
PROFIL
Penyusun : Majlis Tarjih
Penerbit : Penerbitan Boekoe Sekolah Moehammadijah
Tempat : Yogyakarta
Tahun : 1357 H / 1937 M
FISIK
Media : HVS
Dimensi : 15 x 21 cm
Halaman : 24 halaman + 4 halaman cover terisi
Keterangan : Disertai 17 gambar fotografi
KATALOG
Sumber : Nawapustaka
Katalog : NP/T/Jv-023
Model : Salinan
DIGITALISASI
Tanggal : 28-03-2017
Pemindaian : Diaz Nawaksara
Pengetikan : Diaz Nawaksara
Alih_aksara : Diaz Nawaksara
Terjemahan : -
Fonta : Notosans Javanese.ttf
Berkas : *docx tersedia
꧋ꦥ ꦱ ꦭ ꦠ꧀ꦠ ꦤ꧀꧉
(ꦩ ꦤꦸ ꦠ꧀ꦥ ꦤꦶ ꦠꦶ ꦤꦶ ꦥꦸ ꦤ꧀ꦩ ꦗ꧀ꦭꦶ ꦱ꧀ꦠꦂ ꦗꦶꦃ ꦩꦸ ꦏ꦳ ꦩ꧀ꦩ ꦢꦶ ꦪꦃ)
Pasalatan Manut Panitinipun Majlis Tarjih Muhammadiyah

ꦤꦸꦭꦶꦲꦁꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦶꦫꦃꦩꦸꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂꦭꦤ꧀ꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦏꦁꦲꦤ꧀ꦠꦼꦁ꧈(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧐꧇) ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦸꦤꦶ꧇

Nuli angkaten sirahmu kanthi takbir lan lungguha kang anteng, (kaya gambar nomer 10) Bañjur muni :

اللهّمَ اغْفِرْ لِيْ وَارْحَمْنِيْ وَاجْبُرْنِيْ وَاهْدِنِيْ وَارْزُقْنِيْ٭

ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷꦮꦂꦏ꦳ꦩ꧀ꦤꦷꦮꦗ꧀ꦧꦸꦂꦤꦷꦮꦲ꧀ꦢꦶꦤꦷꦮꦂꦗ꦳ꦸꦏ꧀ꦤꦷ꧉

Allohummaghfirlī warhamnī wajburnī wahdinī warzuknī.

꧋ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦸꦒꦶꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦔꦱꦶꦃꦲꦤꦤꦼꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀ꦭꦤꦤꦼꦢꦃꦤꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦫꦶꦁꦔꦤꦫꦶꦗꦼꦏꦶꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧉

[Dhuh Gusti Alloh, mugi ngapuntena, ngasihana, nembelana, nedahna tuwin maringana rijeki dhateng kula.]

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦩꦤꦺꦃꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂꦭꦤ꧀ꦲꦸꦒꦩꦕꦠꦱ꧀ꦧꦶꦃ꧈ꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦪꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦏꦁꦏꦥꦶꦱꦤ꧀꧈ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦫꦃꦩꦸꦲꦁꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈ꦲꦸꦒꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂꦭꦤ꧀ꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦱꦢꦺꦭ (ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦎꦁꦏ꧇꧑꧐꧇)
Bañjur sujudda manéh kanthi takbir lan uga maca tasbih, ana ing kono kaya sujud kang kapisan, sawisé iku sirahmu angkaten, uga kanthi takbir lan lungguha sadéla (kaya gambar ongka 10)

===ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦱꦩꦺꦤꦺꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦪꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀===

=== tumindak tekan saméné iki diarani sarokangat ===

⚜ ⚜ ⚜ ⚜

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦢꦼꦒ꧀ꦒꦩꦼꦚꦠ꧀ꦊꦩꦃꦥꦽꦭꦸꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦁꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴ꧉ꦲꦶꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦁꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦲꦶꦏꦶꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦤꦏꦪꦢꦺꦤꦺꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦥꦶꦱꦤ꧀꧈ꦩꦸꦁꦧꦲꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦸꦱꦃꦩꦕꦢꦺꦴꦔꦆꦥ꧀ꦠꦶꦠꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦄꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴ꧈ꦱꦶꦏꦶꦭ꧀ꦩꦸꦏꦶꦮꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦤꦭꦤ꧀ꦏꦁꦠꦼꦔꦤ꧀ꦥꦢꦭ꧀ꦤ꧉(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧑꧇)

Bañjur ngadega menyat lemah prelu nindakaké rokangat kang kapindho.
Ing rokangat kang kapindho iki nindakna kaya déné rokangat kapisan, mung baé ora usah maca donga Iftitah, lan sawisé sujud ambal pindho, sikilmu kiwa lungguhana lan kang tengan padalna. (kaya gambar nomer 11)


ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦏꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦁꦤꦲꦶꦁꦝꦼꦁꦏꦸꦭ꧀꧈ꦠꦔꦤ꧀ꦏꦶꦮꦩꦼꦒꦂꦢꦿꦶꦗꦶꦤꦺ꧉ꦏꦁꦠꦼꦔꦤ꧀ꦗꦼꦤ꧀ꦛꦶꦏ꧀ꦩꦤꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦤꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦭꦺꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦤ꧈ꦥꦤꦸꦢꦸꦃꦲꦺꦲꦕꦸꦁꦤ꧈ꦢꦺꦤꦺꦗꦼꦩ꧀ꦥꦺꦴꦭ꧀ꦭꦺꦥꦽꦤꦃꦤꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦒꦸꦭ꧀꧉(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧒꧇)ꦭꦤ꧀ꦩꦕꦲꦠꦯꦲꦸꦢ꧀ꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇

Tanganmu karo pisan tumpangna ing dhengkul, tangan kiwa megar drijiné. Kang tengan jenthik manis lan panunggulé gegemna, panuduhé acungna, déné jempolé prenahna ing panunggul. (kaya gambar nomer 12) lan macaa tasyahud mangkéné :

التَّحِيَّاتُ للهِ وَالصَّلَوَاتُ وَالطَّيِّبَات˚السَّلاَمُ عَلَيْكَ اَيُّهَا النَّبِىُّ وَرَحْمَةُ الله وَبَرَكَاتُهُ˚السَّلاَمُ عَلَيْنَا وَعَلَى عِبَادِالله الصَّالِحِينَ˚اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله˚وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسَولَهُ٭

ꦄꦠ꧀ꦠꦏ꦳ꦶꦪ꧀ꦪꦴꦠꦸꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦃ꧈ꦮꦰ꧀ꦱꦺꦴꦭꦮꦴꦠꦸꦮꦛ꧀ꦛꦺꦴꦪ꧀ꦪꦶꦧꦴꦠ꧀꧉ꦄꦱ꧀ꦱꦭꦴꦩꦸꦔꦭꦻꦏꦄꦪ꧀ꦪꦸꦲꦤ꧀ꦤꦧꦶꦪ꧀ꦪꦸꦮꦫꦺꦴꦏ꦳꧀ꦩꦠꦸꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦶꦮꦧꦫꦺꦴꦏꦴꦠꦸꦃꦄꦱ꧀ꦱꦭꦴꦩꦸꦔꦭꦻꦤꦴꦮꦔꦭꦴꦔꦶꦧꦴꦢꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦰ꧀ꦱꦺꦴꦭꦶꦲꦷꦤ꧀꧉ꦄꦯ꧀ꦲꦢꦸꦄꦭ꧀ꦭꦴꦆꦭꦴꦲꦆꦭ꧀ꦭꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧉ꦮꦄꦯ꧀ꦲꦢꦸꦄꦤ꧀ꦤꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢꦤ꧀ꦔꦧ꧀ꦢꦸꦲꦹꦮꦫꦺꦴꦱꦹꦭꦸꦃ꧉

Attahiyyātu lillāh, waṣṣolawātu wattoyyibāt, Assalāmu ngalaika ayyuhan nabiyyu warohmatulloh wabarokātuh, Assalāmu ngalainā wa ngalā ngibādillāhi shsholihīn, Asyhadu allā Ilāha Illalloh, Wa Asyhadu anna muhammadan abduhū warosūluh.

꧋ꦱꦢꦪꦥꦏꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦱꦭꦠ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦱꦲꦺꦤꦤ꧀꧈ꦏꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦲꦶꦁꦥꦢꦸꦏꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦫꦺꦴꦲ꧀ꦩꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦂꦏꦃꦢꦊꦩ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦏꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦲꦶꦁꦏꦶꦠꦭꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦢꦊꦩ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦲꦺꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦸꦭꦤꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦗꦮꦶꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦸꦭꦤꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦤꦶꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦮꦸꦭꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦈꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧉

Sadaya pakurmatan koñjuk ing ngarsa dalem Gusti Alloh, makaten ugi salat tuwin kasaénan, Kawilujengan mugi tetepa ing paduka kangjeng nabi punapa malih rohmat lan barkah dalem Gusti Alloh, Kawilujengan mugi tetepa ing kita lan kawula dalem Gusti Alloh ingkang saé lampahipun, Kula nekséni boten wonten pangéran kajawi Gusti Alloh, Lan kula nekséni Kangjeng nabi Muhammad punika kawula tuwin utusanipun Gusti Alloh.

ꦤꦸꦭꦶꦩꦕꦲꦰꦭꦮꦠ꧀꧇

Nuli macaa ṣalawat :

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ˚وَ عَلَى آلِ مُحَمَّدٍ˚كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيمَ˚وَ آلِ اِبْرَاهِيمَ˚وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ˚وَ آلِ مُحَمَّدٍ˚كَمَا بَارَكْتَ عَلَى اِبْرَاهِيمَ˚وآلِ اِبْرَاهِيمَ˚اِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ٭

ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦰꦺꦴꦭ꧀ꦭꦶꦔꦭꦴꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦮꦔꦭꦴꦄꦴꦭꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦏꦩꦴꦰꦺꦴꦭ꧀ꦭꦻꦠꦔꦭꦴꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦷꦩ꧀꧈ꦮꦄꦴꦭꦶꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦷꦩ꧀꧈ꦮꦧꦴꦫꦶꦏ꧀ꦔꦭꦴꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦮꦄꦴꦭꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦏꦩꦴꦧꦴꦫꦺꦴꦏ꧀ꦠꦔꦭꦴꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦷꦩ꧀꧈ꦮꦄꦴꦭꦶꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦷꦩ꧀ꦆꦤ꧀ꦤꦏꦏ꦳ꦩꦷꦢꦸꦩ꧀ꦩꦗꦷꦢ꧀꧉

Allohumma sholli ngalā Muhammad, Wangalā āli Muhammad, Kamā shollaita ngalā Ibrohīm, Wa āli Ibrohīm, Wabārik ngalā Muhammad, Wa āli Muhammad, Kamā bārokta ngalā Ibrohīm, Wa āli Ibrohīm, Innaka hamīdum majīd.

꧋ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦫꦺꦴꦲ꧀ꦩꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦟꦧꦶꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦶꦩ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦧꦂꦏꦃꦝꦠꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦱꦏꦮꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦧꦂꦏꦃꦝꦠꦼꦁꦟꦧꦶꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦶꦩ꧀꧈ꦱꦏꦮꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢ꦳ꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦗꦶꦭꦤ꧀ꦩꦲꦩꦸꦭꦾ꧉

Dhuh Gusti Alloh mugi paringa rohmat dhateng Nabi Muhammad, Lan kawula warganipun, Kados ingkang Pañjenengan paringaken dhumateng Nabi Ibrohim, Lan kawula warganipun, Lan mugi paringa barkah dhateng Nabi Muhammad, Sakawula warganipun, Kados déné paring pañjenengan barkah dhateng Nabi Ibrohim, Sakawula warganipun, Saéstu Pañjenengan dzat ingkang pinuji lan maha mulya.

꧋ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦔꦲꦩꦫꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸ꧈ꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦗꦭꦸꦮꦶꦃꦢꦮꦧꦲꦺꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦢꦺꦴꦔꦠꦯꦲꦸꦢ꧀ꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈ꦲꦸꦥꦩ꧇

Bañjur andongaa marang Pangéran sakarepmu, angger aja luwih dawa baé tinimbang donga tasyahud pungkasan, upama :

اللّهُمَّ اغْفِرْ لِي | ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ

꧋ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦔꦢꦼꦒ꧀ꦒꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦁꦏꦠꦼꦭꦸꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂꦭꦤ꧀ꦲꦸꦒꦔꦔ꧀ꦏꦠ꧀ꦠꦠꦔꦤ꧀ꦏꦪꦠꦏ꧀ꦧꦶꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦲꦿꦩ꧀꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦼꦝꦏꦼꦥ꧀ꦥ(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧓꧇ꦭꦤ꧀꧇꧑꧔꧇)

Tumuli ngadega kanggo rokangat kang katelu kanthi takbir lan uga ngangkata tangan kaya takbirotul ihram, bañjur sedhakepa (kaya gambar nomer 13 lan 14)


꧋ꦱꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦲꦸꦪꦺꦤ꧀ꦱꦭꦠ꧀ꦩꦸꦏꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦠꦼꦭꦸꦲꦸꦠꦮꦥꦠꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦏꦺꦫꦶꦲꦶꦏꦶꦲꦸꦠꦮꦏꦁꦏꦠꦼꦭꦸ꧈ꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦤꦏꦪꦲꦶꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦏꦁꦝꦶꦱꦶꦏ꧀꧈ꦩꦸꦁꦧꦲꦺꦕꦸꦏꦸꦥ꧀ꦩꦕꦥ꦳ꦠꦺꦏ꦳ꦃꦛꦺꦴꦏ꧀꧈ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦁꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦧꦏ꧀ꦢꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇

Samono mau yén salatmu kang bongsa telu utawa patang rokangat, lan ana ing rokangat loro kéri iki utawa kang katelu, nindakna kaya ing rokangat loro kang dhisik, mung baé cukup maca fatéhah thok, sawusé rokangat kang pungkasan bakda sujud kapindhol ungguha mangkéné :

꧋ꦱꦶꦏꦶꦭ꧀ꦩꦸꦏꦶꦮꦲꦗꦺꦴꦏ꧀ꦤ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦥꦢꦭ꧀ꦤꦱꦂꦠꦧꦺꦴꦏꦺꦴꦁꦩꦸꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦤꦲꦶꦁꦭꦺꦩꦺꦏ꧀(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧕꧇)

Sikilmu kiwa ajokna, lan kang tengen padalna sarta bokongmu lungguhna ing lémék (kaya gambar nomer 15)


ꦭꦤ꧀ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦏꦶꦮꦩꦼꦒꦂ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦩꦏꦺ꧈ꦏꦪꦲꦶꦁꦠꦯꦲꦸꦢ꧀ꦄꦮꦭ꧀꧈(ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦊꦁꦔꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧇꧑꧖꧇)
ꦭꦤ꧀ꦩꦕꦲꦠꦯꦲꦸꦢ꧀ꦭꦤ꧀ꦯꦲꦢꦠ꧀ꦏꦪꦏꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦔꦉꦥ꧀ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦩꦕꦲꦢꦺꦴꦔ꧇

Lan tanganmu kiwa megar, lan kang tengen digegemaké, kaya ing tasyahud awal, (andelenga gambar 16)
Lan macaa tasyahud lan syahadat kaya kang kasebut ngarep tumuli macaa donga :

اللهُمَّ اِنِّى اَعُوْذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَمِنْ عَذَابِ اْلقَبْرِ˚وَ مِنْ فِتْنَةِ اْلمحْيَا وَاْلممَاتِ وَمِنْ شَرِّ فِتْنَةِ اْلمَسِيْحِ الدَّجَّالِ٭

ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦆꦤ꧀ꦤꦷꦄꦔꦹꦢ꦳ꦸꦧꦶꦏꦩꦶꦤ꧀ꦔꦢ꦳ꦴꦧꦶꦗꦲꦤ꧀ꦤꦩꦮꦩꦶꦤ꧀ꦔꦢ꦳ꦴꦧꦶꦭ꧀ꦐꦺꦴꦧꦿꦶ꧈ꦮꦩꦶꦤ꧀ꦥ꦳ꦶꦠ꧀ꦤꦠꦶꦭ꧀ꦩꦲ꧀ꦪꦴꦮꦭ꧀ꦩꦩꦴꦠꦶꦮꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦥ꦳ꦶꦠ꧀ꦤꦠꦶꦭ꧀ꦩꦱꦷꦲꦶꦢ꧀ꦢꦗ꧀ꦗꦴꦭ꧀꧉

Allohumma Innī Angūdzubika min ngadzābi jahannama wamin ngadzābil kobri꧈ Wamin fitnatil mahyā walmamāti wamin syarri fitnatilmasīhid dajjāl.

꧋ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦏꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦲꦶꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦶꦏ꧀ꦱꦗꦲꦤ꧀ꦤꦩ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦏ꧀ꦱꦏꦸꦧꦸꦂ꧈ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦠ꧀ꦤꦃꦲꦶꦁꦥꦼꦗꦃꦭꦤ꧀ꦒꦼꦱꦁ꧈ꦱꦂꦠꦱꦏꦶꦁꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦶꦠ꧀ꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦭꦭꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦏꦁꦢꦺꦴꦫ꧉

Dhuh Gusti Alloh, kula nyuwun reksa ing Pañjenengan saking siksa jahannam, lan siksa kubur, Tuwin saking pitnah ing pejah lan gesang, sarta saking awoning pitnahipun tiyang lalana ing kang tukang dora.

ꦮꦱꦤꦱꦭꦩ꧀ꦩꦱꦫꦤꦩꦺꦔꦺꦴꦤꦼꦔꦼꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦩꦔꦶꦮ꧈ꦏꦫꦺꦴꦏꦫꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦁꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦶꦥꦶꦩꦸꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦏꦧꦸꦫꦶ꧈(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧗꧇)

Wasana salama sarana méngo nengen nuli mangiwa, karo-karoné sing nganti pipimu katon saka buri, (kaya gambar nomer 17)

ꦭꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏꦫꦺꦴꦤꦺꦩꦲꦸꦧꦧꦉꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦤꦶ꧇
Lan karo-karoné mau babarengan muni :

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَ بَرَكَاتُهُ
ꦄꦱ꧀ꦱꦭꦴꦩꦸꦔꦭꦻꦏꦸꦩ꧀ꦮꦫꦺꦴꦲ꧀ꦩꦠꦸꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦶꦮꦧꦫꦺꦴꦏꦴꦠꦸꦃ꧉
Assalāmu ngalaikum warohmatullohi wabarokātuh.

ꦏꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦸꦒꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦧꦺꦃ꧈ꦄꦥꦩꦤꦺꦃꦫꦺꦴꦃꦩꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦂꦏꦃꦲꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧉
Kaslametan muga tetepa marang kowé kabéh, apa manéh rohmat lan barkah ing Alloh.

ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦭꦠ꧀ꦱꦸꦧꦸꦃ꧈ꦪꦲꦶꦏꦸꦩꦸꦁꦫꦺꦴꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀꧈ꦆꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀(ꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴ)ꦲꦤꦲꦶꦁꦔꦢꦼꦒ꧀ꦧꦏ꧀ꦢꦫꦸꦏꦸꦏ꧀(ꦆꦏ꧀ꦠꦶꦢꦭ꧀)ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦩꦕꦢꦺꦴꦔ꧇ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦭꦏꦭ꧀ꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦸ꧇[رَبَّنَا وَلَكَ الحَمْدُ]ꦩꦕꦲꦢꦺꦴꦔꦏꦸꦤꦸꦠ꧀ꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇

Yén kowé salat subuh, yaiku mung rong rokangat, ing rokangat pungkasan (rokangat kapindho) ana ing ngadeg bakda rukuk (Iktidal) sawisé maca donga Robbanā walakal hamdu, Macaa donga kunut mangkéné :

اَللّهُمَّ اهْدِنِىْ فِيْمَنْ هَدَيْتَ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦲ꧀ꦢꦶꦤꦷꦥ꦳ꦷꦩꦤ꧀ꦲꦢꦇꦠ꧀꧈
Allohummah dinī fī man hadait,

وَعَافِنِى فِيْمَنْ عَافَيْتَ
ꦮꦔꦴꦥ꦳ꦶꦤꦷꦥ꦳ꦷꦩꦤ꧀ꦔꦴꦥ꦳ꦇꦠ꧀꧈
Wangāfinī fīman ngāfait,

وَتَوَلَّنِىْ فِيْمَنْ تَوَلَّيْتَ
ꦮꦠꦮꦭ꧀ꦭꦤꦷꦥ꦳ꦷꦩꦤ꧀ꦠꦮꦭ꧀ꦭꦇꦠ꧀꧈
Watawallanī fīman tawallait,

وَبَارِكْ لِىْ فِيْمَا اَعْطَيْتَ
ꦮꦧꦴꦫꦶꦏ꧀ꦭꦷꦥ꦳ꦷꦩꦴꦄꦏ꧀ꦛꦺꦴꦇꦠ꧀꧈
Wabāriklī fīmā akthoit,

وَقِنِيْ شَرَّمَا قَضَيْتَ
ꦮꦐꦶꦤꦷꦯꦂꦫꦺꦴꦩꦴꦐꦺꦴꦭ꦳ꦺꦴꦇꦠ꧀꧈
Wakinī syarro mā kodloit,

فَاِ نَّكَ تَقْضِىْ وَلاَ يُقْضَى عَلَيْكَ
ꦦ꦳ꦆꦤ꧀ꦤꦏꦠꦏ꧀ꦭ꦳ꦷꦮꦭꦴꦪꦸꦏ꧀ꦭ꦳ꦺꦴꦔꦭꦇꦏ꧀꧈
Fainnaka takdlī walā yukdlo ngalaik,

وَاِ نَّهُ لاَ يَذِلُّ مَنْ وَالَيْتَ
ꦮꦆꦤ꧀ꦤꦲꦹꦭꦴꦪꦢ꦳ꦶꦭ꧀ꦭꦸꦩꦤ꧀ꦮꦴꦭꦇꦠ꧀꧈
Wainnahū lā yadzillu man wālait,

تَبَارَكْتَ رَبَّنَا وَتَعَالَيْتَ
ꦠꦧꦴꦫꦏ꧀ꦠꦫꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦠꦔꦴꦭꦇꦠ꧀꧉
Tabārakta rabbanā wa tangālait.

꧋ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦥꦶꦠꦼꦢꦃꦲꦶꦁꦏꦸꦭꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦠꦼꦢꦃꦲꦏꦼꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭ꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦔꦱꦶꦃꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭ꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦱꦶꦃꦲꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦂꦏꦃꦲꦤꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧈ꦱꦧꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦔꦽꦏ꧀ꦱꦲꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦧꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ꧈ꦩꦶꦭꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦱ꧀ꦛꦶꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦤꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦶꦃꦲꦶ꧈ꦩꦲꦱꦸꦕꦶꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀꧈ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦭꦤ꧀ꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦩꦲꦭꦸꦲꦸꦂ꧉

Dhuh Gusti Alloh, mugi paringa pitedah ing kula kados tiyang ingkang pañjenengan tedahaken | Lan ngpuntena ing kula, kados tiyang ingkang Pañjenengan haputen | Lan ngasihana ing kula, kados tiang ingkang Pañjenengan sihi | Lan ambarkahana dhateng kula, sabarang ingkang sampun Pañjenengan paringaken | Lan ngreksaa kula ing awoning barang ing kang Pañjenengan pasthi | Mila Pañjenengan ingkang masthi lan boten dipun pasthi | Lan saéstu boten hina tiyang ingkang Pañjenengan sihi | Maha suci Pañjenengan, dhuh Pangéran kita, lan Pañjenengan maha luhur.

ꦲꦸꦠꦮꦩꦕꦢꦺꦴꦔꦏꦁꦱꦏꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦏꦪꦠ꧇

utawa maca donga kang saka quran, kaya ta :

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦄꦴꦠꦶꦤꦴꦥ꦳ꦶꦢ꧀ꦢꦸꦤ꧀ꦪꦴꦏ꦳ꦱꦤꦠꦤ꧀ꦮꦥ꦳ꦶꦭ꧀ꦄꦴꦑꦶꦫꦺꦴꦠꦶꦏ꦳ꦱꦤꦠꦤ꧀ꦮꦐꦶꦤꦴꦄꦢ꦳ꦴꦧꦤ꧀ꦤꦴꦂ꧉/td>

Robbanā ātinā fiddun-yā hasanatan wafil ākhiroti hasanatan wakinā adzābannār.

ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦩꦸꦒꦶꦩꦫꦶꦁꦔꦤꦏꦱꦲꦺꦤꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦠ꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦄꦑꦺꦫꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦔꦽꦏ꧀ꦱꦲꦏꦶꦠꦱꦏꦶꦁꦱꦶꦏ꧀ꦱꦤꦫꦏ꧉

Dhuh Pangéran kita, mugi maringana kasaénan dhateng kita, wonten ing donya lan wonten ing Akhérat lan ngreksaa kita saking siksa naraka.

⚜ ⚜ ⚜ ⚜ ⚜

꧁ ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦄꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧉ ꧂
سُورَة النَّاسِ
Surat An-naas.

﷽

قُلْ اَعُوْذُ بِرَبِّ النَّاسِۙ˚مَلِكِ النَّاسِۙ˚ اِلٰهِ النَّاسِۙ˚مِنْ شَرِّ الْوَسْوَاسِ الْخَنَّاسِۖ˚ الَّذِيْ يُوَسْوِسُ فِيْ صُدُوْرِ النَّاسِۙ˚ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ٭
ꦐꦸꦭ꧀ꦄꦔꦹꦢ꦳ꦸꦧꦶꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦩꦭꦶꦏꦶꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦆꦭꦴꦲꦶꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦭ꧀ꦮꦱ꧀ꦮꦴꦱꦶꦭ꧀ꦑꦺꦴꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦄꦭ꧀ꦭꦢ꦳ꦷꦪꦸꦮꦱ꧀ꦮꦶꦱꦸꦥ꦳ꦷꦰꦸꦢꦹꦫꦶꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦩꦶꦤꦭ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦤꦠꦶꦮꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧉
Qul angūdzu birobbinnās | Malikinnās | Ilaahinnās | Min syarril waswāsil khannās | Alladzī yuwaswisu fī shudūrinnās | Minal jinnati wannās.

꧋ꦱꦶꦫꦝꦮꦸꦃꦲꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧇ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦝꦠꦼꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦫꦠꦸꦤꦶꦁꦥꦫꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦩꦸꦒꦶꦏꦉꦏ꧀ꦱꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦯꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦤꦔꦿꦶꦫꦶꦝꦸ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦁꦒꦺꦴꦝꦲꦶꦁꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦱꦏꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦩꦤꦸꦁꦱ꧉

Sira dhawuha Muhammad : kawula nyuwun reksa dhateng Pangéraning manungsa | Inggih ratuning para manungsa | Inggih sasembahaning manungsa | Mugi kareksa saking piawonipun Syetan ingkang tansah ngriridhu | Ingkang tansah anggodha ing manahipun para manungsa | Saking jin tuwin para manungsa.

⚜ ⚜ ⚜ ⚜ ⚜

꧁ ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦄꦭ꧀ꦥ꦳ꦭꦐ꧀꧉ ꧂
سُورَة الفَلَقِ
Surat Al-falaq.

﷽

قُلْ اَعُوْذُ بِرَبِّ الْفَلَقِۙ˚ مِنْ شَرِّ مَا خَلَقَۙ˚ وَمِنْ شَرِّ غَاسِقٍ اِذَا وَقَبَۙ˚ وَمِنْ شَرِّ النَّفّٰثٰتِ فِى الْعُقَدِۙ˚ وَمِنْ شَرِّ حَاسِدٍ اِذَا حَسَدَ٭
ꦐꦸꦭ꧀ꦄꦔꦹꦢ꦳ꦸꦧꦶꦫꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦥ꦳ꦭꦐ꧀꧈​ꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦩꦴꦑꦺꦴꦭꦐ꧀꧈​ꦮꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦓꦺꦴꦱꦶꦐꦶꦤ꧀ꦆꦢ꦳ꦴꦮꦐꦺꦴꦧ꧀꧈ꦮꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦤ꧀ꦤꦥ꦳꧀ꦥ꦳ꦴꦠ꦳ꦴꦠꦶꦥ꦳ꦶꦭ꧀ꦔꦸꦐꦺꦴꦢ꧀꧈ꦮꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦏ꦳ꦱꦶꦢꦶꦤ꧀ꦆꦢ꦳ꦴꦏ꦳ꦱꦢ꧀꧉
Qul angūdzu birab bilfalaq | Min syarri mā khalaq | Wamin syarri gosiqin idzā waqob | Wamin syarrin naffātsaati fil nguqod | Wamin syarri hāsidin idzā hasad.

꧋ꦱꦶꦫꦝꦮꦸꦃꦲꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧇ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦝꦠꦼꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀꧈ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦠꦃ꧈ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦢꦭꦸꦤꦭꦶꦏꦤꦸꦠꦸꦥ꧀꧈ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦸꦢꦂꦫꦶꦧꦸꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈ꦱꦂꦠꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦢꦽꦁꦏꦶꦤꦭꦶꦏꦤꦤ꧀ꦢꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦽꦁꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉

Sira dhawuha Muhammad : kawula nyuwun reksa dhateng Pangéraning wekdal bangun | Saking piawonipun barang ingkang sampun tumitah | Tuwin saking piawonipun wekdal dalu nalika nutup | Makaten ugi saking piawonipun tiyang ingkang ngudari bubundhelan | Sarta saking piawonipun tiyang drengki nalika nandukaken drengkinipun.

꧋ꦠꦩꦠ꧀꧉

T A M A T

Kitab Pasalatan Moehammadijah Tahun 1937 : Bagian I

Pasalatan Moehammadijah
DESKRIPSI NASKAH
Judul : Tuntunan Salat Miturut Putusan Majlis Tarjih
Tipe : Terbitan
A / B : Jawa / Jawa Carkan
Bentuk : Prosa
Ikhtisar : Tuntunan tata cara melaksanakan sholat menurut putusan Majlis Tarjih Moehammadijah tahun 1937 disertai dengan gambar dan keterangan bacaan doa-doa, menggunakan huruf arab dan jawa.
PROFIL
Penyusun : Majlis Tarjih
Penerbit : Penerbitan Boekoe Sekolah Moehammadijah
Tempat : Yogyakarta
Tahun : 1357 H / 1937 M
FISIK
Media : HVS
Dimensi : 15 x 21 cm
Halaman : 24 halaman + 4 halaman cover terisi
Keterangan : Disertai 17 gambar fotografi
KATALOG
Sumber : Nawapustaka
Katalog : NP/T/Jv-023
Model : Salinan
DIGITALISASI
Tanggal : 28-03-2017
Pemindaian : Diaz Nawaksara
Pengetikan : Diaz Nawaksara
Alih_aksara : Diaz Nawaksara
Terjemahan : -
Fonta : Notosans Javanese.ttf
Berkas : *docx tersedia
꧋ ꦠꦸ ꦤ꧀ꦠꦸ ꦤ꧀ꦤ ꦤ꧀
ꦱ ꦭ ꦠ꧀
ꦩꦶ ꦠꦸ ꦫꦸ ꦠ꧀
ꦥꦸ ꦠꦸ ꦱ꧀ꦱ ꦤ꧀ꦩ ꦗ꧀ꦭꦶ ꦱ꧀ꦠꦂ ꦗꦶꦃ꧉
Tuntunan Salat Miturut Putusan Majlis Tarjih

Pasalatan Moehammadijah

ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ ꧇
PENERBITAN BOEKOE SEKOLAH MOEHAMMADIJAH
ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧉
꧋ꦥ ꦱ ꦭ ꦠ꧀ꦠ ꦤ꧀꧉
(ꦩ ꦤꦸ ꦠ꧀ꦥ ꦤꦶ ꦠꦶ ꦤꦶ ꦥꦸ ꦤ꧀ꦩ ꦗ꧀ꦭꦶ ꦱ꧀ꦠꦂ ꦗꦶꦃ ꦩꦸ ꦏ꦳ ꦩ꧀ꦩ ꦢꦶ ꦪꦃ)
Pasalatan Manut Panitinipun Majlis Tarjih Muhammadiyah



ꦏꦉꦁꦒꦩꦮꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧉

ꦕꦥ꧀ꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦏꦥꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀
_____ *** _____


ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ ꧇
PENERBITAN BOEKOE SEKOLAH MOEHAMMADIJAH
١٣٥٦ - 1937
ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀꧈
Katrangan

ꦲꦶꦁꦕꦥ꧀ꦕꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦗꦮꦶꦏꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦏꦠꦩ꧀ꦧꦃꦲꦤ꧀ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦺꦴꦭꦠ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦺꦴꦭꦠ꧀꧈ ꦮꦱ꧀ꦱꦭꦩ꧀꧉

Ing capcapan ingkang kaping sakawan punika kajawi kabesut basanipun, ing wingking katambahan surat-surat waosan solat, lan gambar caranipun para putri solat, Wassalam

ꦥꦔꦸꦫꦸꦱ꧀꧈

Pangurus.
꧋ꦧꦸꦧꦸꦏ꧉
Bubuka.
السلَام عليكم ورحمة الله وبركَاتة
﷽
الحمد لله رب العلمين والصلاة والسلام علي سيدنا ﷴ خاتم النبـــيين۔

ꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦏꦶꦁꦫꦫꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦫꦁꦩꦸꦝꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩꦼꦭꦗꦼꦁꦭꦤ꧀ꦄꦫꦧ꧀꧈ꦱꦩꦶꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦸꦕꦶꦮꦲꦁꦱꦭꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦤꦶꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦗ꧀ꦭꦶꦱ꧀ꦠꦂꦗꦶꦃꦠꦼꦏꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦮꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦏꦭꦶꦃꦮꦲꦸ꧈ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦸꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦸꦲꦩ꧀ꦩꦢꦶꦪꦃꦧꦒꦺꦪꦤ꧀ꦠꦩꦤ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦚꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦮꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿꦭꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮꦶ꧉

Kabekta saking raraosanipun para sadhérék ingkang kirang mudheng dhateng tembung melajeng lan Arab, sami rumaos kuciwa angsalaning panitinipun majlis tarjih teka kaserat mawi tembung kakalih wau. Makaten ugi kathah ingkang sami usul dhateng muhammadiyah bagéyan taman pustaka, supados nyantun prakawis punika mawi sastra lan aksara jawi.

ꦩꦶꦭꦥꦔꦸꦫꦸꦱ꧀ꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦥꦽꦭꦸꦔ꧀ꦭꦼꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦮꦲꦸ꧈ꦩꦸꦫꦶꦃꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦥꦶꦒꦸꦤꦭꦤ꧀ꦕꦼꦛꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦏꦉꦁꦒꦩꦮꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦽꦭꦸꦥꦽꦭꦸ꧈ꦮꦱꦤꦮꦼꦢꦭꦶꦁꦏꦶꦠꦧ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈ꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦥꦫꦶꦁꦥꦲꦺꦢꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦒꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭꦱꦢꦪ꧈ ꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦄꦏ꦳ꦺꦫꦠ꧀꧈ ꦄꦴꦩꦷꦤ꧀꧈ ꦮꦱ꧀ꦱꦭꦩ꧀꧈

Mila pangurus ngraos prelu ngleksanani pamundhutipun para sadhérék wau. Murih mindhak piguna lan cethanipun ing ngriki karengga mawi gambar ingkang prelu-prelu. Wasana wedaling kitab punika, mugi mugi Ghusti Alloh paring paédah ingkang ageng dhateng kula sadaya, ing donya tuwin akhérat, Āmīn, Wassalam.

ꦥꦔꦸꦫꦸꦱ꧀꧉

Pangurus.
كیفیة الصلاة المكتوبة
﷽
꧋ꦲꦠꦱ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦂꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃ꧉
Atas asma Alloh ingkang maha mirah tur welas asih.

ꦱꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦫꦥꦝꦱꦭꦠ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧈ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦲꦺꦭꦶꦁꦔꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦭꦶꦏꦔꦢꦼꦒ꧀꧈ꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦭꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦫꦺꦴꦤ꧀꧈ꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦤꦱꦭꦠ꧀꧈ꦲꦩꦂꦒꦱꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦺꦱꦭꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦸꦏ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦢꦢꦶꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦏꦁꦢꦶꦠꦩ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦮꦪꦃꦲꦺ꧉

Samongsa anggonira padha salat wus rampung, nuli padha élinga marang Alloh nalika ngadeg, lungguh lan tuturon, déné yén sira wus padha tentrem nuli padha nindakna salat, amarga satemené salat iku tumrapé wong mukmin dadi kuwajiban kang ditamtok aké wayahé.

(ꦄꦭ꧀ꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦱꦸꦫꦠ꧀꧈ꦤꦶꦱꦏ꧀꧈ꦄꦪꦠ꧀꧇꧑꧐꧕꧇)
(Alquran surat Nisak, Ayat 105)

ꦡꦺꦴꦭ꧀ꦏꦃꦧꦶꦤ꧀ꦔꦸꦧꦆꦢꦶꦭ꧀ꦭꦃꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇ꦲꦤꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦤꦗꦼꦢ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦩꦫꦁꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀ ꦱ꧈ꦔ꧈ꦮ꧈ ꦩꦝꦸꦭ꧀ꦩꦝꦸꦭ꧀ꦱꦶꦫꦃꦲꦺ꧈ꦏꦶꦠꦩꦸꦁꦏꦿꦸꦔꦸꦒꦸꦩꦽꦁꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦮꦫꦤꦺ꧈ꦲꦺꦴꦫꦩꦔꦽꦠꦶꦲꦥꦏꦁꦢꦶꦒꦸꦤꦼꦩ꧀꧈ꦧꦉꦁꦕꦼꦝꦏ꧀ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦏꦸꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦶꦂꦱꦧꦧ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦱ꧈ꦔ꧈ꦮ꧈ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇ꦱꦺꦴꦭꦠ꧀ꦭꦶꦩꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦶꦤꦱꦮꦼꦔꦶ꧈ꦲꦠꦸꦂꦫꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦲꦸ꧇ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦤꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦺꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶ ꦱ꧈ꦔ꧈ꦮ꧈ ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦗꦧꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦄꦉꦥ꧀ꦤꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦠꦺꦴꦔꦠ꧀ꦩꦸꦩꦫꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶ꧉

"Thalhah bin Ngubaidilah ngandika ; Ana wong lanang bongsa Najed Sowan marang Kangjeng Nabi Muhamad SAW, madhul madhul sirahé, kita mung krungu gumṛenggenging suwarané, ora mangṛeti apa kang digunem, baṛeng cedhak jebul wong iku nyuwun pirsa bab Islam, nuli Kangjeng Nabi Muhamad SAW ngandika : Salat lima ing daḷem sadina sawengi. Aturé wong mau : Tumrap kula punapa wonten malih sanésipun punika", ngandikané kangjeng Nabi SAW : ora ana, kajaba yén kowé aṛep nambahi tongatmu marang Gusti Alloh"

(ꦏ꦳ꦢꦶꦠ꦳꧀꧈ꦩꦸꦠ꧀ꦠꦥ꦳ꦏ꧀ꦔꦭꦆꦲꦶ꧉)
(Hadits, Muttafak ngalaihi)
꧋ꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦭꦺꦱꦭꦠ꧀ꦥ꦳ꦂꦭ꦳ꦸ꧉
Pratikelé salat fardlu.
ꦩꦤꦮꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦉꦥ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦭꦠ꧀꧈ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦱꦸꦱꦸꦕꦶꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦢꦼꦒꦗꦼꦗꦼꦒ꧀꧈(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧇)ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦝꦼꦥ꧀ꦏꦺꦧ꧀ꦭꦠ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶꦩꦕꦲ꧇
manawa kowé arep nindakaké salat, sawisé susuci bañjur ngadega jejeg, (kaya gambar nomer 1) kanthi madhep kéblat nuli macaa :
الله أكبر _____ ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦸꦄꦏ꧀ꦧꦂ
Allohu Akbar
[ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦲꦲꦒꦸꦁ]
[ Gusti Alloh maha Agung ]
ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦄꦠꦶꦏꦁꦲꦶꦏ꧀ꦭꦱ꧀ꦤꦶꦪꦠ꧀ꦩꦸꦩꦫꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦧꦉꦁꦔꦤꦲꦚ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦸꦮꦸꦂꦥꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦺꦴꦭ꧀ꦩꦸꦥꦼꦤꦼꦂꦤꦏꦸꦥꦶꦁ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦱꦮꦁꦱꦏꦔꦉꦥ꧀ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧒꧇ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦢꦶꦪꦫꦤ꧀ꦤꦶꦠꦏ꧀ꦧꦷꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦏ꦳ꦿꦺꦴꦩ꧀꧉
Kanthi ati kang ikhlas niatmu marang Gusti Alloh, barengana añjuñjung tanganmu loro pisan tekan ing dhuwur pundhak lan jempolmu penerna kuping, yén kasawang saka ngarep kaya gambar nomer 2, mangkono iku diarani takbiratul ihrom.
꧋ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦲꦶꦏꦸꦱꦼꦝꦏꦼꦥ꧀ꦥꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦏꦶꦮꦠꦺꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦤꦲꦶꦁꦝꦝꦩꦸ꧈ꦱꦶꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦁꦤꦲꦶꦁꦒꦶꦒꦶꦂꦫꦺꦲꦺꦥꦺꦏ꧀ꦲꦺꦥꦺꦏ꧀ꦏꦶꦮ꧈ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧓꧇ꦤꦸꦭꦶꦩꦕꦲ ꦢꦺꦴꦔꦆꦥ꦳꧀ꦠꦶꦠꦃ꧈ꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇
Sawisé iku sedhakepa mangkéné ; tanganmu kiwa témplékna ing dhadhamu, sing tengen tumpangna ing gigiré épék-épék kiwa kaya gambar nomer 3, nuli macaa donga iftitah mangkéné :
اللَّهُمَّ باَعِدْ بَیْنِي وَبَیْنَ خَطَایَايَ كَمَا باَعَدْتَ بَیْنَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦧꦴꦔꦶꦢ꧀ꦧꦻꦤꦷꦮꦧꦻꦤꦑꦺꦴꦛꦺꦴꦪꦴꦪꦏꦩꦴꦧꦴꦔꦢ꧀ꦠꦧꦻꦤꦭ꧀ꦩꦯ꧀ꦫꦶꦐꦶꦮꦭ꧀ꦩꦓ꧀ꦫꦶꦧ꧀꧉
Allohumma bāngid bainī wabaina khothoyāya kamā bāngadta bainal masyriqi walmaghrib.
 اللَّهُمَّ نَقِّنِي مِنْ خَطَایَايَ كَمَا یُنَقَّى الثَّوْبُ الْأبَیَضُ مِنَ الدَّنَسِ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦤꦏ꧀ꦐꦶꦤꦷꦩꦶꦤ꧀ꦑꦺꦴꦛꦺꦴꦪꦴꦪꦏꦩꦴꦪꦸꦤꦏ꧀ꦐꦺꦴꦠ꦳꧀ꦠꦻꦴꦧꦸꦭ꧀ꦄꦧ꧀ꦪꦭ꦳ꦸꦩꦶꦤꦢ꧀ꦢꦤꦱ꧀꧉
Allohuma naqqinī min khotoyāya kamā yunakkots tsaubul abyadlu minad danas.
اللَّهُمَّ اغْسِلْنِي مِنْ خَطَایَايَ بِالْمَاءِ وَالثَّلْجِ وَالْبَرَدِ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦱꦶꦭ꧀ꦑꦺꦴꦛꦺꦴꦪꦴꦪꦧꦶꦭ꧀ꦩꦴꦆꦮꦠ꧀ꦠ꦳ꦭ꧀ꦗꦶꦮꦭ꧀ꦧꦫꦺꦴꦢ꧀꧉
Allohummaghsil khotoyāya bilmāi watsalji walbarod.
ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦒꦶꦲꦤꦼꦧꦶꦃꦤꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦏꦸꦭꦭꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦏꦸꦭꦏꦝꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦼꦧꦶꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦥ꧀ꦭꦼꦛꦺꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦫꦥ꧀ꦥꦶꦁꦱꦸꦂꦪ꧉
Dhuh Gusti Alloh mugi anebihna antawis kula lan dosa kula kadhos anggén pañjenengan nebihaken antawisipun papan plethék lan seraping surya.
ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦒꦶꦲꦔꦽꦱꦶꦏ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭꦱꦏꦶꦁꦢꦺꦴꦱꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦁꦒꦺꦥꦼꦛꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦱꦏꦶꦁꦉꦉꦒꦼꦢ꧀꧉
Dhuh Gusti Alloh mugi angresikna ing kula saking dosa kados déné panganggé pethak ingkang dipun resiki saking rereged.
ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦒꦶꦩꦱꦸꦃꦲꦢꦺꦴꦱꦏꦸꦭꦱꦿꦤꦠꦺꦴꦪꦌꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦗꦮꦃꦮꦺꦴꦃ꧉
Dhuh Gusti Alloh mugi masuha dosa kula srana toya és lan toya jawah woh.

ꦲꦸꦠꦮꦩꦕ ꧇

Utawa maca :

وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِيْ فَطَرَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ حَنِیْفًا مُسْلِمًا وَمَا أَنَا مِنَ الْمُشْرِكِیْنَ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِيْ وَمَحْیَايَ، وَمَمَاتِي لِلهِ رَبِّ الْعَلَمِیْنَ لاَ شَرِیْكَ لَهُ، وَبِذلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُسْلِمِیْنَ.

꧋ꦮꦗ꧀ꦗꦃꦠꦸꦮꦗ꧀ꦲꦶꦪꦭꦶꦭ꧀ꦭꦢ꦳ꦷꦥ꦳ꦛꦺꦴꦫꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦴꦮꦴꦠꦶꦮꦭ꧀ꦄꦂꦭ꦳ꦏ꦳ꦤꦷꦥ꦳ꦩ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩꦤ꧀ꦮꦩꦴꦄꦤꦩꦶꦤꦭ꧀ꦩꦸꦯ꧀ꦫꦶꦏꦷꦤ꧀꧉ꦆꦤ꧀ꦤꦰꦺꦴꦭꦴꦠꦷꦮꦤꦸꦱꦸꦏꦶꦮꦩꦏ꦳꧀ꦪꦴꦪꦮꦩꦩꦴꦠꦷꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦔꦴꦭꦩꦷꦤ꧀꧉ꦭꦴꦯꦫꦷꦏꦭꦲꦹꦮꦧꦶꦢ꦳ꦴꦭꦶꦏꦈꦩꦶꦫ꧀ꦠꦸꦮꦄꦤꦄꦮ꧀ꦮꦭꦸꦭ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩꦷꦤ꧀꧉

Wajjahtu wajhiya lilladzī fatoros samāwāti wal ardli hanīfam musliman wamā ana minal musyrikīn. Inna solātī wanusukī wamahyāya wamamāti lillāhi robbil ngālamīn. Lā syarīka lahū wabidzālika umirtu wa ana awwalul muslimīn.

꧋ꦏꦮꦸꦭꦩꦝꦼꦥ꧀ꦲꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦢ꦳ꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦧꦸꦩꦶꦭꦔꦶꦠ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦒꦸꦩꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦶꦁꦩꦤꦃꦭꦤ꧀ꦱꦸꦩꦫꦃꦱꦂꦠꦏꦸꦭꦱꦤꦺꦱ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦩꦸꦯ꧀ꦫꦶꦏ꧀꧈ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦱꦭꦠ꧀ꦏꦸꦭꦔꦶꦧꦢꦃꦏꦸꦭꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦒꦼꦱꦁꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦢꦪꦔꦭꦩ꧀꧈ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦩꦺꦤꦶ꧈ꦏꦸꦭꦏꦝꦮꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦫꦃ꧉

Kawula madhep angadhepaken dzat ingkang nitahaken bumi langit kanthi gumolonging manah lan sumarah sarta kula sanés golonganipun tiyang musyrik, saéstu salat kula ngibadah kula tuwin pejah gesang kula punika koñjuk ing Gusti Alloh ingkang mangérani sadaya ngalam, boten wonten ingkang nyaméni, kula kadhawuhana ingkang makaten inggih kula punika wiwitanipun tiyang ingkang sumarah.

ꦤꦸꦭꦶꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇

Nuli nyuwun reksa mangkéné :

أَعُوذُ بِالَّلهِ مِنَ الشَّیْطَانِ الرَّجِیم

ꦄꦔꦹꦢ꦳ꦸꦧꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦩꦶꦤꦯ꧀ꦯꦻꦛꦺꦴꦤꦶꦂꦫꦺꦴꦗꦷꦩ꧀꧉

Angūdzu billāhi minasy syaitonir rojīm.

ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦏꦶꦁꦱꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦤꦸꦭꦏ꧀꧉

Kawula nyuwun reksa dhumateng Gusti Alloh saking sétan ingkang tinulak.

ِ بِسْمِ الَّله الرَّحْمَنِ الرَّحِیم˚ الْحَمْدُ لِّلهِ رَبِّ الْعَالَمِینَ ˚ الرَّحْمَنِ الرَّحِیمِ ˚مَالِكِ یَوْمِ الدِّینِ ˚ إِیَّاكَ نَعْبُدُ وَإِیَّاكَ نَسْتَعِینُ ˚ اهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِیمَ ˚ صِرَاطَ الَّذِینَ أَنْعَمْتَ عَلَیْهِمْ غَیْرِالْمَغْضُوبِ عَلَیْهِمْ وَلا الضَّالِّینَ٭

ꦧꦶꦱ꧀ꦩꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦂꦫꦺꦴꦏ꦳꧀ꦩꦴꦤꦶꦂꦫꦺꦴꦲꦷꦩ꧀꧈ꦄꦭ꧀ꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦸꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦔꦴꦭꦩꦷꦤ꧀꧈ꦄꦂꦫꦺꦴꦏ꦳꧀ꦩꦴꦤꦶꦂꦫꦺꦴꦏ꦳ꦷꦩ꧀꧈ꦩꦴꦭꦶꦏꦶꦪꦻꦴꦩꦶꦢ꧀ꦢꦷꦤ꧀꧈ꦆꦪ꧀ꦪꦴꦏꦤꦏ꧀ꦧꦸꦢꦸꦮꦆꦪ꧀ꦪꦴꦏꦤꦱ꧀ꦠꦔꦷꦤ꧀꧈ꦆꦲ꧀ꦢꦶꦤꦱ꧀ꦱꦶꦫꦺꦴꦛꦺꦴꦭ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦠꦐꦷꦩ꧀꧈ꦰꦶꦫꦺꦴꦛꦺꦴꦭ꧀ꦭꦢ꦳ꦷꦤꦄꦤ꧀ꦔꦩ꧀ꦠꦔꦭꦻꦲꦶꦩ꧀ꦓꦺꦴꦲꦶꦫꦶꦭ꧀ꦩꦓ꧀ꦭ꦳ꦹꦧꦶꦔꦭꦻꦲꦶꦩ꧀ꦮꦭꦭ꧀ꦭ꦳ꦺꦴꦭꦷꦤ꧀꧉

Bismillā hirrohmā nirrohīm | Alhamdu lillāhi robbil ngālamīn | Arrohmā nirrohīm | Māliki yaumid dīn | Iyyāka nakbudu waiyyāka nastangīn | Ihdinaṣ ṣhirothol mustakīm | Sirotol ladzīna an ngamta ngalaihim ghoiril maghdlūbi ngalaihim waladl dlolīn.

꧋ꦲꦠꦱ꧀ꦄꦱ꧀ꦩꦢꦭꦺꦩ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦂꦩꦲꦲꦱꦶꦃ꧈ꦱꦢꦪꦥꦔꦭꦺꦩ꧀ꦧꦤꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦢꦪꦔꦭꦩ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦂꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦪꦩꦠ꧀꧈ꦤꦩꦸꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦥꦶꦠꦼꦝꦃꦲꦶꦁꦏꦶꦠꦝꦠꦼꦁꦩꦂꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦊꦉꦱ꧀꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦏꦤꦶꦏ꧀ꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦧꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦼꦱꦱꦂ꧉

Atas asma dalem Gusti Alloh ingkang maha mirah tur maha asih | Sadaya pangalembana koñjuk ing ngarsanipun Gusti Alloh ingkang mangérani sadaya ngalam | Ingkang maha mirah tur welas asih | ingkang ngratoni dinten kiyamat | Namung pañjenengan ingkang kula sembah, lan namung pañjenengan ingkang kula suwuni pitulung | Mugi paring pitedhah ing kita dhateng margi ingkang leres | nggih punika marginipun para tiyang ingkang pañjenengan paringi kanikmatan, sanés marginipun para tiyang ingkang kabendon lan kesasar.

ꦱꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦔꦺꦲꦶꦏꦸꦩꦕꦲ꧇

Sarampungé iku macaa :

رَبِّ اغْفِرْلِي آمِينْ _____ ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ꧈ꦄꦴꦩꦷꦤ꧀꧈

Robbighfir lī Āmin,

ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈ꦩꦸꦒꦶꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭ꧈ꦩꦸꦒꦶꦔ꧀ꦭꦼꦏ꧀ꦱꦤꦤꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧉

Dhuh Pangéran kula, mugi ngapuntena ing kula, mugi ngleksanana ing panuwun kula.
ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦕꦲꦱꦸꦫꦠ꧀ꦱꦏꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦥꦩꦕꦩꦸꦏꦸꦢꦸꦕꦼꦛꦭꦤ꧀ꦢꦶꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦥꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺ꧉ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦔ꧀ꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦏꦪꦤꦭꦶꦏꦠꦏ꧀ꦧꦶꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦏ꦳꧀ꦫꦺꦴꦩ꧀꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦫꦸꦏꦸꦏ꧀ꦧꦧꦉꦁꦔꦤ꧀ꦩꦕꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂ꧇
bañjur macaa surat saka kuran, pamacamu kudu cetha lan diangen-angen apa tegesé. Yèn uwis, bañjur angkaten tanganmu loro pisan kaya nalika takbirotul ihram, bañjur rukuk babarengan maca takbir :
الله أكبر _____ ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦸꦄꦏ꧀ꦧꦂ
Allohu Akbar
[ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦲꦲꦒꦸꦁ]
[Gusti Alloh maha Agung]
(ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦊꦁꦔꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧇꧔꧇ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧕)
(andelenga gambar 4 tumuli nomer 5)
ꦫꦸꦏꦸꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦒꦼꦒꦼꦂꦭꦤ꧀ꦒꦶꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦸꦢꦸꦫꦠ꧈ꦠꦔꦤ꧀ꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀ꦝꦼꦁꦏꦸꦭ꧀꧈ꦱꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦺꦫꦸꦏꦸꦏ꧀ꦩꦕꦲ꧇
Rukuk iku geger lan githok kudu rata, tangan kiwa tengen nyekel dhengkul, sajeroné rukuk macaa :
سُبْحَانَكَ اللّهُمَّ رَبَّنَا وَبِحَمْدِكَ اللّهُمَّ اغْفِرْ لِي
ꦱꦸꦧ꧀ꦲꦴꦤꦏꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦧꦶꦲꦩ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ꧉
Subhānakallohumma robbanā wabihamdika, allohummaghfirlī.

ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦩꦲꦱꦸꦕꦶ꧈ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦥꦔꦏ꧀ꦱꦩꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧉

Pañjenengan punika maha suci, dhuh Ghusti Alah, pangéran kita, kanthi mangalembana ing pañjenengan dhuh Gusti Alloh mugi paringa pangaksama dhateng kula.
ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦲꦶꦏꦸ꧈ꦱꦶꦫꦃꦩꦸꦲꦁꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦽꦭꦸꦆꦏ꧀ꦠꦶꦢꦭ꧀ꦱꦂꦠꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦸꦒꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦔꦼꦤ꧀ꦏꦪꦤꦭꦶꦏꦠꦏ꧀ꦧꦶꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦏ꦳ꦿꦩ꧀꧉(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦎꦁꦏ꧇꧖꧇)ꦏꦫꦺꦴꦩꦸꦤꦶ꧇
sawisé iku, sirahmu angkaten prelu Iktidal sarta tanganmu loro pisan uga juñjungen kaya nalika takbirotul Ihram. (kaya gambar ongka 6) karo muni :
سَمِعَ الله لِمَنْ حَمِدَه | ꦱꦩꦶꦔꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦭꦶꦩꦤ꧀ꦲꦩꦶꦢꦃ꧉
Samingallohu liman hamidah.
[ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀꧉]
[Gusti Alloh midhangetaken dhateng tiyang ingkang mangalembana ing Pañjenengan.]
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦔꦢꦼꦒ꧀ꦗꦼꦗꦼꦒ꧀ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦎꦁꦏ꧇꧗꧇ꦩꦕꦲ꧇
Yén wis ngadeg jejeg kaya gambar ongka 7 macaa :
رَبَّنَا وَلَكَ الحَمْدُ | ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦭꦏꦭ꧀ꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦸ
Robbana Walakal hamdu
[ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦢꦪꦥꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀꧉]
[Dhuh Pangéran kita, lan sadaya pangalembana punika kagungan Pañjenengan.]

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂ꧈ꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦭꦺ꧇ꦚꦺꦭꦺꦃꦤꦝꦼꦁꦏꦸꦭ꧀ꦩꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦺꦢ꧀ꦭꦩꦏꦤ꧀ꦩꦸꦲꦤꦔ꧀ꦭꦼꦩꦃ꧈ꦤꦸꦭꦶꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸ꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦧꦛꦸꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦫꦸꦁꦩꦸ
(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧘꧇)

Bañjur sujudda kanathi takbir, pratikelé : nyéléhna dhengkulmu lan pucuké dlamakanmu ana nglemah, nuli tanganmu, bañjur bathuk lan irungmu
(kaya gambar nomer 8)



ꦱꦫꦤꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦢꦿꦶꦗꦶꦩꦸꦩꦫꦁꦏꦺꦧ꧀ꦭꦠ꧀꧈ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦁꦒꦁꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦱꦏꦭꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩꦸꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦱꦶꦏꦸꦠ꧀ꦩꦸ
(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧇꧙꧇)

Sarana ngadhep pucuk-pucuking drijimu marang kéblat, ambenggang tanganmu saka lambungmu lan añjuñjung sikutmu
(kaya gambar 9)


ꦤꦭꦶꦏꦲꦶꦏꦸꦩꦕꦲ꧇

Nalika iku macaa :

سُبْحَانَكَ اللّهُمَّ رَبَّنَا وَبِحَمْدِكَ اللّهُمَّ اغْفِرْ لِي

ꦱꦸꦧ꧀ꦏ꦳ꦴꦤꦏꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦧꦶꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ꧉

Subhānakallohumma robbanā wabihamdika, allohummaghfirlī.

=====
===
=
⇩
[ BAGIAN KEDUA ]

Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 6 TAMAT

Nayaka Lalana

DESKRIPSI NASKAH
Judul:Sěrat Cariyos Nayaka Lalana
Tipe:Terbitan
A / B:Jawa / Jawa
Bentuk:Tembang
Ikhtisar:Mengisahkan perjalanan gerilya 4 menteri bersama rombongan selama 209 hari pada masa Agresi Militer II Yogyakarta.
BAGIAN
I:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 1
II:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 2
III:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 3
IV:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 4
V:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 5
VI:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 6 TAMAT
꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
꧋ꦤꦪꦏꦭꦭꦤ꧉
SĚRAT WAOSAN NAYAKA LALANA
꧁꧂
꧄ꦲꦱ꧀ꦩꦫꦢꦤ꧄
꧑ ꧑​ꦧꦥꦏ꧀ꦭꦸꦫꦃꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦗꦶꦁ꧈​ꦱꦸꦩꦢꦶꦲꦂꦗꦲꦫꦤ꧀ꦚ꧈​ꦕꦏꦸꦥ꧀ꦩꦼꦩꦶꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦫꦪꦠ꧀ꦠꦺ꧈​ꦠꦶꦭꦱ꧀ꦒꦸꦫꦸꦩꦱꦶꦃꦩꦸꦝ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦢꦂꦩꦲꦸꦠꦩ꧈​ꦏꦶꦤꦱꦶꦃꦲꦤ꧀ꦫꦏꦾꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦮꦱꦶꦱ꧀ꦲꦤꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦏꦂꦪ꧉​
1 Bapak lurah ḍusun Mujing/ Sumadiharja arannya/ cakup měmimpin rayaté/ tilas guru masih muḍa/ amběg darma utama/ kinasihan rakyatipun/ kang wasis anambut karya//
꧒​ ꧄ꦥꦶꦤꦼꦛꦸꦏ꧀ꦥꦏ꧀ꦭꦸꦫꦃꦥꦏꦶꦱ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦠꦸꦫꦺꦴꦁꦒ꧈ꦩꦿꦶꦁꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦠꦶꦠꦶꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦝꦶꦤꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦒ꧈ꦥꦏ꧀ꦄꦢꦶꦥꦏ꧀ꦄꦤꦤ꧀ꦠ꧈ꦧꦸꦱꦸꦱ꧀ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀ꦠꦶꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦤꦼꦢꦾꦠꦸꦮꦶꦱꦁꦥꦔ꧀ꦭꦶꦩ꧉
2 Piněṭuk Pak Lurah Pakis/ ingkang amběkta turongga/ mring Pak Santa titihané/ ḍinèrèk kawan tětiga/ Pak Adi Pak Ananta/ Bu Sus jangkěp tiganipun/ nědya tuwi sang panglima//
꧓ ꧄ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦱꦁꦱꦺꦤꦥꦠꦶ꧈ꦏꦁꦊꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦧ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦭꦶꦏ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦱꦁꦥꦔ꧀ꦭꦶꦩꦱ꧀ꦭꦶꦫꦤꦶꦫ꧈ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦠꦩ꧀ꦧꦃꦏꦼꦫ꧈ꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦁꦒꦃꦲꦔꦤ꧀ꦠꦂꦠꦤ꧀ꦱꦸꦢ꧉
3 Pinanggih sang sènapati/ kang lěrěm ing ḍusun Saba/ sangět anḍělik papané/ sang panglima sliranira/ katon atambah kěra/ prandèné sěmangatipun/ panggah angantar tan suda//
꧔ ꧄ꦢꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦫꦺꦱꦩꦶ꧈ꦭꦸꦫꦃꦥꦏꦶꦱ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦤꦶꦫ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦏꦸꦠ꧀ꦲꦮꦤꦺ꧈ꦥꦏ꧀ꦭꦸꦫꦃꦢꦂꦩꦮꦶꦢꦢ꧈ꦔꦼꦕꦸꦥꦿꦸꦱ꧀ꦲꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦔꦶꦫ꧈ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦸꦕꦶꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦲꦸꦩꦸꦏ꧀ꦲꦔꦊꦩ꧀ꦥꦿꦶꦪꦺꦴꦁꦒ꧉
4 Dalunipun nyaré sami/ Lurah Pakis wismanira/ sangět anjěkut hawané/ Pak Lurah Darmawidada/ ngěcuprus omongira/ ananging kuciwanipun/ umuk angalěm priyongga//
꧕ ꧄ꦢꦸꦥꦶꦠꦁꦒꦭ꧀ꦠꦶꦒꦗꦸꦭꦶ꧈ꦭꦸꦫꦃꦩꦸꦗꦶꦁꦪꦸꦤ꧀ꦩꦲꦂꦒꦾ꧈ꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦭꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦺ꧈ꦲꦚꦼꦒꦃꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦥꦼꦛꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦫꦩ꧀ꦧꦃꦲꦤ꧀꧈ꦱꦁꦤꦪꦏꦥꦫꦶꦁꦝꦮꦸꦃ꧈ꦩꦿꦶꦃꦫꦶꦭꦭꦧꦸꦃꦤꦒꦫ꧉
5 Dupi tanggal tiga Juli/ lurah Mujing yun mahargya/ Pak Santa lan panḍèrèké/ anyěgah ringgit pěṭilan/ ngantos gangsal rambahan/ sang nayaka paring ḍawuh/ mrih rila labuh nagara//
꧖ ꧄ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦕꦠꦸꦂꦮꦸꦭꦤ꧀ꦗꦸꦭꦶ꧈ꦥꦿꦭꦭꦤꦱꦩꦶꦧꦶꦝꦭ꧀꧈ꦩꦿꦶꦁꦝꦸꦏꦸꦃꦱꦧꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦺ꧈ꦏꦩ꧀ꦥꦶꦂꦠꦸꦮꦶꦱꦁꦥꦔ꧀ꦭꦶꦩ꧈ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦶꦥꦮꦂꦠ꧈ꦥꦼꦩꦼꦫꦶꦤ꧀ꦠꦃꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦗꦸꦭꦶꦥꦶꦁꦱꦢꦱ꧉
6 Tanggal catur wulan Juli/ pra lalana sami biḍal/ mring ḍukuh Saba lampahé/ kampir tuwi sang panglima/ kang wus nampi pawarta/ pěměrintah wangsulipun/ wulan Juli ping sadasa//
꧗ ꧄ꦥꦏ꧀ꦢꦶꦂꦩꦤ꧀ꦱꦸꦁꦥꦩꦿꦪꦺꦴꦒꦶ꧈ꦩꦤꦮꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦔꦪꦺꦴꦒꦾ꧈ꦲꦩꦿꦶꦃꦫꦲꦪꦸꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦺ꧈ꦏꦼꦢꦃꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦱꦶꦤꦧꦿꦁꦔꦤ꧀꧈ꦠꦭꦠꦃꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦩꦠꦫꦸꦩ꧀꧈ꦏꦼꦔꦶꦁꦊꦉꦩ꧀ꦱꦮꦠꦫ꧉
7 Pak Dirman sung pamrayogi/ manawi tindak Ngayogya/ amrih rahayu lampahé/ kědah ènggal sinabrangan/ talatah Surakarta/ yèn wus ngancik ing Matarum/ kenging lěrěm sawatara//
꧘ ꧄ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦗꦸꦭꦶꦧꦶꦝꦭ꧀ꦱꦩꦶ꧈ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦫꦒꦼꦒꦚ꧀ꦕꦁꦔꦤ꧀꧈ꦩꦿꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦒꦼꦤꦼꦁꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦺ꧈ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦢ꧀ꦮꦶꦥꦔꦮꦭ꧀꧈ꦩꦠꦿꦗꦶꦭꦤ꧀ꦢꦭꦶꦗ꧈ꦗꦩ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧈ꦚꦫꦺꦮꦶꦱ꧀ꦩꦤꦺꦧꦸꦎꦥꦱ꧀꧉
8 Gangsal Juli biḍal sami/ tindakira gěgancangan/ mring ḍusun Gěněng purugé/ kinanṭènan dwi pangawal/ Matraji lan Dalija/ jam satunggal prapta sampun/ nyaré wismané bu Opas//
꧙ ꧄ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦫꦠꦿꦸꦱ꧀ꦭꦸꦩꦫꦶꦱ꧀꧈ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦧꦚꦏ꧀ꦥꦿꦢ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦔꦽꦏꦲꦺꦴꦱ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦼ꧈ꦭꦶꦁꦱꦶꦂꦱꦸꦂꦪꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦱꦼꦠꦿ꧈ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦝꦲꦂꦱꦏꦼꦝꦥ꧀꧈ꦩꦺꦃꦗꦩ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦢꦭꦸꦫꦮꦸꦃ꧈ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧ꧉
9 Ènjangira trus lumaris/ anglangkungi Banyakprada/ sangět ngrěkaos margine/ lingsir surya praptèng Setra/ kènděl ḍahar sakěḍap/ mèh jam wolu dalu rawuh/ ḍusun aran Bangunomba //
꧑꧐ ꧄ꦫꦚ꧀ꦕꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦫꦱꦏꦮꦶꦠ꧀꧈ꦧꦝꦺꦤꦸꦗꦸꦒꦼꦩ꧀ꦧꦺꦴꦭ꧀ꦢꦺꦱ꧈ꦥꦽꦭꦸꦚꦧꦿꦁꦢꦭꦤ꧀ꦒꦼꦝꦺ꧈ꦢꦸꦩꦢꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦶꦮꦂꦠ꧈ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦥꦠꦿꦺꦴꦭꦶꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈ꦒꦾꦔꦺꦴꦮꦃꦲꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦧꦠ꧉
10 Rancanganira sakawit/ baḍé nuju Gembol dèsa/ prělu nyabrang dalan gěḍé/ dumadakan tampi warta/ prapta patroli londa/ gya ngowahan lampahipun/ anglangkungi ḍusun Bata//
꧑꧑ ꧄ꦲꦶꦁꦩꦤꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦸꦮꦠꦶꦂ꧈ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦼꦥꦽꦒꦺꦴꦏ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈ꦏꦁꦩꦠꦿꦺꦴꦭꦶꦢꦭꦤ꧀ꦒꦼꦝꦺ꧈ꦩꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦭꦭꦤ꧈ꦭꦸꦩꦫꦶꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦚꦸꦮꦫ꧈ꦑꦩ꧀ꦢꦸꦭꦶꦭ꧀ꦭꦃꦲꦑꦶꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦫꦲꦪꦸꦤꦶꦂꦱꦩ꧀ꦧꦺꦏꦭ꧉
11 Ing manah sangět kuwatir/ bokbilih kěprěgok londa/ kang matroli dalan gěḍé/ milanipun pra lalana/ lumaris tan nyuwara/ khamdulillah akhiripun/ rahayu nir sambèkala//
꧑꧒ ꧄ꦱꦁꦤꦪꦏꦱꦸꦏꦺꦁꦒꦭꦶꦃ꧈ꦏꦝꦼꦂꦢꦺꦱꦧꦔꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧ꧈ꦲꦶꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦱꦶꦏꦼꦥ꧀ꦥꦺ꧈ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦭꦭꦤ꧈ꦲꦶꦔꦠꦸꦂꦫꦥꦶꦠꦠ꧈ꦲꦶꦔꦤ꧀ꦠꦼꦂꦥꦩꦸꦝꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦶꦏꦼꦥ꧀ꦱꦚ꧀ꦗꦠ꧉
12 Sang nayaka sukèng galih/ kaḍěr dèsa Bangunomba/ ingalěmbana sikěpé/ tindakipun pra lalana/ ingatur rapi tata/ ingantěr pamuḍa ḍusun/ ingkang asikěp sanjata//
꧑꧓ ꧄ꦱꦢꦭꦸꦝꦼꦒ꧀ꦠꦿꦸꦱ꧀ꦭꦸꦩꦫꦶꦱ꧀꧈ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦮꦸꦂꦪꦤ꧀ꦠꦫ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦩꦶꦛꦺꦪꦺꦴꦭ꧀ꦱꦸꦏꦸꦤꦺ꧈ꦱꦸꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦠꦿꦸꦱ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧈ꦧꦾꦂꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦭꦒꦾꦥꦿꦥ꧀ꦠ꧈ꦠꦶꦏꦺꦤ꧀ꦫꦤꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦩꦸꦕꦸꦁꦔ꧀ꦭꦼꦉꦩ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦱꦭꦶꦫ꧉
13 Sadalu ḍěg trus lumaris/ anglangkungi Wuryantara/ wus sami ṭèyol sukuné/ suprandèné trus lumampah/ byar ènjing lagya prapta/ Tikèn raning ḍusunipun/ mucung nglěrěmkěn salira//
***
꧄ꦥꦺꦴꦕꦸꦁ꧄
꧑ ꧄ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦮꦸꦭꦤ꧀ꦗꦸꦭꦶꦠꦿꦸꦱ꧀ꦭꦸꦩꦏꦸ꧈ꦠꦶꦏꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦭꦂ꧈ꦤꦸꦗꦸꦩꦿꦶꦁꦲꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦂꦫꦤ꧀ꦱꦼꦩꦶꦤ꧀꧈ꦱꦸꦏꦺꦁꦢꦿꦶꦪꦩꦺꦃꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦠ꧀ꦭꦠꦃꦔꦪꦺꦴꦒꦾ꧉
1 Tanggal wolu wulan Juli trus lumaku/ Tikèn wus tinilar/ nuju mring onděran Sěmin/ sukèng driya mèh ngancik tlatah Ngayogya//
꧒ ꧄ꦔꦸꦕꦥ꧀ꦱꦺꦴꦏꦸꦂꦩꦏ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦴꦁꦫꦶꦤꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈ꦢꦸꦥꦶꦥꦿꦭꦭꦤ꧈ꦮꦠꦼꦱ꧀ꦱꦭꦢꦺꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶ꧈ꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁꦠ꧀ꦭꦠꦃꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦭꦂꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧉
2 Ngucap sokur mak plong rinaos ing kalbu/ dupi pra lalana/ watěs Sala dèn langkungi/ manjing tlatah kang wus tinilar Walonda//
꧓ ꧄ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦧꦼꦝꦸꦒ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦏꦫꦁꦱꦫꦶꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈ꦏꦩ꧀ꦥꦶꦂꦏꦭꦸꦫꦃꦲꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦕꦩꦠ꧀ꦤꦸꦗꦸꦏꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿꦺꦤ꧀ꦱꦶ꧈ꦱꦁꦤꦪꦏꦱꦶꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦲꦩꦼꦝꦂꦱꦧ꧀ꦢ꧉
3 Wanci běḍug praptèng Karangsari ḍusun/ kampir kalurahan/ pak camat nuju konprènsi/ sang nayaka sinuwun aměḍar sabda//
꧔ ꧄ꦮꦸꦱ꧀ꦗꦩ꧀ꦠꦼꦭꦸꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦱꦼꦩꦶꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶꦥꦿꦭꦭꦤ꧈ꦊꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏ꧀ꦭꦸꦫꦃꦲꦤ꧀ꦱꦩꦶ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦊꦒꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦱꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦱꦭꦶꦫ꧉
4 Wus jam tělu praptèng Sěmin ḍusunipun/ nuli pra lalana/ lěrěm ing klurahan sami/ sangět lěga sagěd ngasokkěn salira//
꧕ ꧄ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦱ꧀ꦮꦏꦭꦶꦃꦒꦾꦲꦶꦔꦸꦠꦸꦱ꧀꧈ꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦿꦶꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦔꦠꦸꦂꦏꦼꦤ꧀ꦤꦮꦭꦉꦱ꧀ꦩꦶ꧈ꦏꦁꦮꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦼꦛꦸꦏ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧉
5 Ènjangipun siswa kalih gya ingutus/ ngarsaning sri sultan/ ngaturkěn nawala rěsmi/ kang wosipun nyuwun piněṭuk tumpakan//
꧖ ꧄ꦊꦠ꧀ꦫꦺꦴꦁꦢꦭꦸꦢꦸꦠꦏꦭꦶꦃꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧈ꦔꦠꦸꦂꦏꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠ꧈ꦱꦿꦶꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦸꦏꦺꦁꦥꦁꦒꦭꦶꦃ꧈ꦢꦸꦥꦶꦩꦾꦂꦱꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦮꦸꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠ꧉
6 Lět rong dalu duta kalih wangsul sampun/ ngaturkěn pawarta/ sri sultan sukèng panggalih/ dupi myarsa Pak Santa wus ènggal prapta//
꧗ ꧄ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦧꦝꦺꦥꦶꦤꦼꦛꦸꦏ꧀꧈ꦱꦿꦶꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦺꦴꦁꦒ꧈ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦪꦸꦁꦔꦤ꧀ꦏꦁꦢꦺꦱꦶ꧈ꦥꦿꦭꦭꦤꦢꦸꦏ꧀ꦩꦶꦪꦂꦱꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦧꦶꦔꦃ꧉
7 Karsanipun Pak Santa baḍé piněṭuk/ sri sultan priyongga/ saking Piyungan kang dèsi/ pra lalana duk miyarsa klangkung bingah//
꧘ ꧄ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦿꦸꦱ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦩꦿꦸꦥꦸꦠ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁ꧈ꦒꦾꦧꦶꦝꦭ꧀ꦲꦤꦶꦭꦂꦱꦼꦩꦶꦤ꧀꧈ꦱꦸꦫꦸꦥ꧀ꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁꦱꦩ꧀ꦧꦶꦥꦶꦠꦸꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦢꦺꦱ꧉
8 Ènjangipun sami nruskěn lampahipun/ mruput bangun ènjang/ gya biḍal anilar Sěmin/ surup manjing Sambi Pitu raning dèsa//
꧙ ꧄ꦱꦸꦏꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦱꦸꦱ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩ꧀ꦭꦼꦤ꧀ꦛꦸꦁ꧈ꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦮꦸꦱ꧀ꦠꦼꦠꦺꦭ꧈ꦢꦠꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦗꦭꦤ꧀ꦏꦏꦶ꧈ꦩꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦤꦤ꧀ꦝꦸꦭꦩ꧀ꦥꦃꦚ꧉
9 Sukunipun Bu Sus katon sami mlěnṭung/ rèhning wus tětèla/ datan sagěd jalan kaki/ milanipun klakon tinanḍu lampahnya//
꧑꧐ ꧄ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦏꦶꦪꦠ꧀ꦩ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦠꦼꦫꦸꦱ꧀꧈ꦩꦭꦃꦭꦁꦏꦸꦁꦫꦶꦏꦠ꧀꧈ꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦼꦩ꧀ꦧꦁꦚꦚꦶ꧈ꦭꦶꦂꦠꦼꦤ꧀ꦠꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀꧉
10 Sanèsipun maksih kiyat mlampah těrus/ malah langkung rikat/ turut margi němbang nyanyi/ lir těntara ingkang majěng ing paprangan//
꧑꧑ ꧄ꦠꦼꦔꦃꦢꦭꦸꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦥꦶꦪꦸꦁꦔꦤ꧀ꦏꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈ꦱꦩꦶꦱꦶꦤꦸꦒꦠ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦫꦺꦴꦮꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶ꧈ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦱꦪꦃꦠꦤ꧀ꦫꦶꦤꦲꦺꦴꦱ꧀ꦩꦂꦒꦶꦧꦶꦔꦃ꧉
11 Těngah dalu praptèng Piyungan kang ḍusun/ sami sinugata/ sangět rowa anglangkungi/ nadyan sayah tan rinaos margi bingah//
꧑꧒ ꧄ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦗꦸꦉꦧꦺꦴꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦥꦶꦁꦠꦿꦶꦮꦼꦭꦱ꧀꧈ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦤꦶꦫꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦗꦸꦭꦶ꧈ꦠꦧꦸꦃꦮꦺꦴꦭꦸꦱꦿꦶꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦥꦶꦪꦸꦁꦔꦤ꧀꧉
12 Ènjangipun nuju Rěbo dintěnipun/ tanggal ping tri wělas/ wulanira maksih Juli/ tabuh wolu sri sultan praptèng Piyungan//
꧑꧓ ꧄ꦏꦁꦱꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦧꦶꦭ꧀ꦗꦶꦥ꧀ꦠꦶꦠꦶꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦱꦁꦤꦪꦏ꧈ꦲꦔꦱ꧀ꦠꦱꦼꦠꦶꦂꦥꦿꦶꦧꦢꦶ꧈ꦱꦩꦶꦱꦸꦏꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦫꦲꦂꦗ꧉
13 Kang sinuhun mobil jip titihanipun/ měṭuk sang nayaka/ angasta sětir pribadi/ sami suka pinanggih sami raharja//
꧑꧔ ꧄ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦤꦶꦠꦶꦃꦗꦶꦥ꧀ꦱꦉꦁꦱꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀꧈ꦧꦸꦱꦸꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠ꧈ꦥꦏ꧀ꦤꦤ꧀ꦠꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦏ꧀ꦄꦢꦶ꧈ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦩꦺꦴꦧꦶꦭ꧀ꦥꦿꦃ꧉
14 Ingkang tumut nitih jip sarěng sinuhun/ Bu Sus lan Pak Santa/ Pak Nanta tuwin Pak Adi/ sanèsipun sami anumpak mobil prah//
꧑꧕ ꧄ꦢꦠꦤ꧀ꦢꦔꦸꦮꦸꦱ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦏꦤ꧀ꦛꦶꦫꦲꦪꦸ꧈ꦲꦶꦁꦏꦶꦛꦔꦪꦺꦴꦒꦾ꧈ꦠꦿꦸꦱ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦔꦂꦱꦤꦶꦫꦺꦏꦶ꧈ꦏꦁꦩꦶꦤꦸꦭꦾꦧꦥꦏ꧀ꦥꦿꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦯꦸꦏꦂꦤ꧉
15 Datan dangu wus prapta kanṭi rahayu/ ing kiṭa Ngayogya/ trus sowan ngarsanirèki/ kang minulya Bapak Prasiḍèn Sukarna//
꧑꧖ ꧄ꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦸꦗꦸꦢꦊꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦢꦸꦏꦩꦶꦤꦸꦭꦾ꧈ꦧꦸꦁꦲꦠꦥꦼꦂꦝꦤꦩꦼꦤ꧀ꦠꦿꦶ꧈ꦏꦭꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦸꦏꦺꦁꦢꦿꦶꦪ꧉
16 Lajěngipun sami nuju dalěmipun/ paduka minulya/ Bung Hata Pěrḍana Měntri/ kalihipun sami sangět sukèng driya//
꧑꧗ ꧄ꦠꦩꦠ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦕꦫꦶꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦿꦱꦗ꧈ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦏꦁꦏꦲꦺꦱ꧀ꦛꦶ꧈ꦩꦸꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦥꦼꦥꦺꦔꦼꦠ꧀ꦩꦿꦶꦁꦒꦂꦮꦥꦸꦠꦿ꧉
17 Tamat sampun Pak Santa caritanipun/ kang sangět prasaja/ wit tan sanès kang kaèsṭi/ mung minongka pěpèngět mring garwa putra//

Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 5

Nayaka Lalana

DESKRIPSI NASKAH
Judul:Sěrat Cariyos Nayaka Lalana
Tipe:Terbitan
A / B:Jawa / Jawa
Bentuk:Tembang
Ikhtisar:Mengisahkan perjalanan gerilya 4 menteri bersama rombongan selama 209 hari pada masa Agresi Militer II Yogyakarta.
BAGIAN
I:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 1
II:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 2
III:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 3
IV:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 4
V:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 5
VI:Sěrat Waosan Nayaka Lalana Bag : 6 TAMAT
꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀
꧋ꦤꦪꦏꦭꦭꦤ꧉
SĚRAT WAOSAN NAYAKA LALANA
꧁꧂
꧄ꦥꦁꦏꦸꦂ꧄
꧑ ꧄ꦩꦸꦫꦢꦶꦱꦏꦸꦭꦮꦂꦒ꧈ꦒꦼꦱꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦁꦱꦫꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀꧈ꦭꦸꦮꦸꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦥꦤꦺꦤ꧀ꦗꦒꦸꦁ꧈ꦱꦼꦏꦸꦭ꧀ꦗꦒꦸꦁꦠꦶꦤꦼꦝ꧈ꦥꦿꦭꦭꦤꦲꦸꦒꦶꦗꦒꦸꦁꦝꦲꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦭꦮꦸꦃꦲꦶꦫꦩꦸꦁꦫꦺꦴꦤ꧀ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈ꦢꦭꦃꦗ꧀ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿꦺꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦶꦤꦩ꧀ꦥꦶꦏ꧀꧉
1 Muradi sakulawarga/ gěsangipun sangět sangsara miskin/ luwung měntas panèn jagung/ sěkul jagung tiněḍa/ pra lalana ugi jagung ḍaharipun/ lawuhira mung ron-ronan/ dalah jlombrèt tan tinampik//
꧒ ꧄ꦮꦸꦱ꧀ꦚꦊꦉꦩ꧀ꦠꦼꦭꦸꦁꦢꦶꦤ꧈ꦤꦸꦭꦶꦧꦶꦝꦭ꧀ꦠꦶꦤꦶꦭꦂꦥꦏ꧀ꦩꦸꦫꦢꦶ꧈ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦫꦒꦸꦁ꧈ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦢꦺꦱꦫꦤ꧀ꦗꦸꦒ꧈ꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦤꦶꦫꦭꦸꦫꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀/ꦭꦸꦫꦃꦗꦸꦒꦲꦫꦤ꧀ꦏꦸꦱ꧀ꦤ꧈ꦠꦼꦂꦥꦼꦭꦗꦂꦮꦱꦶꦱ꧀ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧉
2 Wusnya lěrěm tělung dina/ nuli biḍal tinilar Pak Muradi/ anglangkungi Sumběragung/ praptèng dèsa ran Juga/ kang dèn jujug wismanira lurahipun/ lurah Juga aran Kusna/ těrpělajar wasis yěkti//
꧓ ꧄ꦥꦥꦤ꧀ꦤꦶꦫꦏꦭꦸꦫꦃꦲꦤ꧀꧈ꦥꦶꦁꦒꦶꦂꦩꦂꦒꦶꦏꦼꦝꦶꦫꦶꦩꦿꦶꦁꦧꦱꦸꦏꦶ꧈ꦩꦂꦒꦶꦲꦒꦼꦁꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦸꦠꦸꦃ꧈ꦠꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦫꦶꦤ꧀ꦠꦁꦔꦤ꧀꧈ꦩꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦒꦿꦺꦴꦧꦒ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁ꧈ꦩꦶꦭꦤꦶꦫꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀꧈ꦚꦶꦥꦼꦁꦤꦔꦿꦶꦏꦹꦩꦸꦁꦱꦫꦠꦿꦶ꧉
3 Papanira kalurahan/ pinggir margi Kěḍiri mring basuki/ margi agěng maksih wutuh/ tan katon na rintangan/ montor grobag pasṭi taksih sagěd langkung/ milanira ènggal biḍal/ nyipěng ngriku mung saratri //
꧔ ꧄ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦿꦸꦱ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈ꦭꦶꦁꦱꦶꦂꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿꦭꦭꦤꦮꦸꦱ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦶ꧈ꦥꦩꦺꦴꦔꦤ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈ꦤꦔꦿꦶꦏꦸꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦏꦮꦤ꧀꧈ꦱꦸꦠꦩꦗꦺꦴꦲꦂꦄꦫꦶꦥ꦳ꦶꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦼꦩꦶꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦼꦤꦼꦫꦁꦔꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦮꦺꦠꦤ꧀ꦥꦿꦺꦴꦥꦶꦤ꧀ꦱꦶ꧉
4 Ènjangipun nruskěn lampah/ lingsir kulon pra lalana wus prapti/ Pamongan araning ḍusun/ ngriku pinanggih kawan/ Sutama Johar Arifin asmanipun/ pěmimpining pěněrangan/ ing Jawi Wètan propinsi//
꧕ ꧄ꦥꦏ꧀ꦠꦩꦭꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫ꧈ꦏ꧀ꦭꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦏ꧀ꦱꦂꦗꦤꦱꦫꦶꦩ꧀ꦧꦶꦠ꧀꧈ꦩꦁꦒꦺꦤ꧀ꦥꦩꦺꦴꦔꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦢꦔꦸ꧈ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦤꦿꦸꦱ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦥꦏꦂꦪꦤ꧀꧈ꦤꦔꦶꦁꦲꦺꦩꦤ꧀ꦏꦼꦏꦶꦫꦁꦔꦤ꧀ꦲꦭꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦩꦶꦭꦢꦺꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦲꦂꦠ꧈ꦩꦿꦶꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔ꧀ꦭꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦏꦂꦢꦶ꧉
5 Pak Tama lan kancanira/ klěbět ugi Pak Sarjana sarimbit/ manggèn Pamongan wus dangu/ sagěd nruskěn pakaryan/ nanging èman kěkirangan alatipun/ mila dèn paringi arta/ mrih sagěd nglajěngakěn kardi//
꧖ ꧄ꦱꦺꦴꦏꦸꦂꦧꦼꦒ꧀ꦗꦏꦼꦩꦪꦁꦤ꧈ꦲꦶꦁꦥꦩꦺꦴꦔꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦥꦽꦒꦺꦴꦏ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈ꦄꦤꦤ꧀ꦠꦫꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦢꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦒꦤ꧀ꦠꦼꦂꦱꦶꦤꦼꦫꦁ꧈ꦗꦼꦫꦤ꧀ꦛꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦄꦤꦤ꧀ꦠꦔꦸꦁꦒꦃꦲꦶꦒꦸꦤꦸꦁ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦂꦒꦥꦱꦂ꧈ꦩꦺꦃꦏꦼꦱꦱꦂꦏ꧀ꦭꦶꦫꦸꦩꦂꦒꦶ꧉
6 Sokur běgja kěmayangan/ ing Pamongan sagěd kaprěgok malih/ Ananta rombonganipun/ duk ing Gantěr siněrang/ jěranṭalan Ananta ngunggahi gunung/ inggih langkung arga Pasar/ mèh kěsasar kliru margi//
꧗ ꧄ꦄꦤꦤ꧀ꦠꦫꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦕꦕꦃꦒꦁꦱꦭ꧀ꦏꦼꦥꦺꦠꦁꦭꦤ꧀ꦥꦼꦩꦶꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀꧈ꦏꦥꦶꦱꦤ꧀ꦄꦫꦶꦧ꧀ꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦏꦏꦺꦴꦁꦧꦢꦤ꧀ꦚ꧈ꦠꦤ꧀ꦏꦶꦤꦶꦫꦱꦔꦼꦠ꧀ꦫꦶꦏꦠ꧀ꦥ꧀ꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦭꦶꦃꦲꦫꦤ꧀ꦱꦸꦒꦶꦪꦤ꧈ꦠꦼꦭꦸꦥꦿꦥ꧀ꦠꦏꦥꦠ꧀ꦝꦶꦝꦶ꧉
7 Ananta rombonganira/ cacah gangsal kěpètang lan pěmimpin/ kapisan Arib ranipun/ nadyan kakong badannya/ tan kinira sangět rikat plajěngipun/ kalih aran Sugiyana/ tělu Prapta kapat ḍiḍi//
꧘ ꧄ꦢꦸꦥꦶꦊꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦥꦩꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈ꦲꦸꦒꦶꦥꦿꦥ꧀ꦠꦩꦽꦭꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶ꧈ꦥꦏ꧀ꦱꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦸꦧ꧀꧈ꦫꦺꦱ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦏꦼꦝꦶꦫꦶꦲꦶꦏ꧈ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦫꦶꦁꦏꦼꦏꦭꦶꦃꦥꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦺꦏꦽꦠꦫꦶꦱ꧀ꦥꦏ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦠꦫ꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦂꦠꦏꦏꦫꦤ꧀ꦲꦸꦱ꧀ꦤꦶ꧉
8 Dupi lěrěm ing Pamongan/ ugi prapta mrělokakěn manggihi/ Pak Suwanda ingkang kasub/ rèsḍèn Kěḍiri ika/ dipun iring kěkalih panḍèrèkipun/ sèkrětaris Pak Muntara/ lan hartaka karan Husni//
꧙ ꧄ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦫꦲꦂꦗ꧈ꦱꦩꦶꦱꦸꦏꦭꦤ꧀ꦉꦤꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦭꦶꦃ꧈ꦮꦶꦠ꧀ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦤꦭꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦫꦺꦱ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦊꦁꦒꦃ꧈ꦤꦺꦁꦩꦢꦶꦪꦸꦤ꧀ꦥꦏ꧀ꦱꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦮꦏꦶꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦭꦗꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦤꦪꦏ꧈ꦥꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃꦏꦼꦝꦶꦫꦶ꧉
9 Pinanggih sami raharja/ sami suka lan rěna ing panggalih/ wit èngět nalikanipun/ Pak Santa rèsḍèn lěnggah/ nèng Madiun Pak Suwonda wakilipun/ kala jinunjung nayaka/ Pak Wonda pinḍah Kěḍiri//
꧑꧐ ꧄ꦏꦭꦶꦃꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦩꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈ꦤꦩ꧀ꦥꦶꦮꦂꦠꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧈ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦫꦚ꧀ꦕꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦢꦱꦩꦉꦠ꧀ꦚꦼꦫꦁ꧈ꦩꦿꦶꦁꦥꦩꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦩꦶꦮꦃꦏꦤꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦩꦶꦭꦱꦩꦶꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀꧈ꦮꦶꦠ꧀ꦥꦩꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦧꦼꦧꦪꦤ꧀ꦤꦶ꧉
10 Kalih dintěn ing Pamongan/ nampi warta bilih prajurit Landi/ miturut rancanganipun/ sadasa Marět nyěrang/ mring Pamongan miwah kanan kèringipun/ mila sami ènggal biḍal/ wit Pamongan běbayani//
꧑꧑ ꧄ꦏꦁꦠꦶꦤꦸꦗꦸꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦥꦤ꧀ꦝꦤ꧀꧈ꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦤꦼꦢꦾꦲꦂꦱꦩꦶꦂꦱꦤꦶ꧈ꦥꦼꦩꦚ꧀ꦕꦂꦫꦝꦶꦪꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦱꦼꦁꦏꦸꦢ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦚ꧈ꦱꦸꦂꦪꦭꦶꦁꦱꦶꦂꦱꦮꦼꦒ꧀ꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦥꦼꦂꦱꦶꦭ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦸꦥ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶꦚꦫꦺꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦫ꧈ꦏꦩꦶꦠꦸꦮꦝꦸꦏꦸꦃꦧꦿꦶꦔꦶꦤ꧀꧉
11 Kang tinuju Sumběrpanḍan/ wit ing kono nědya arsa mirsani/ pěmancar raḍionipun/ nadyan sěngkud lampahnya/ surya lingsir sawěg ngancik pěrsil ngantup/ nuli nyaré griyanira/ kamituwa ḍukuh Bringin//
꧑꧒ ꧄ꦏꦥꦶꦁꦱꦔꦮꦸꦭꦤ꧀ꦠꦶꦒ꧈ꦤꦸꦭꦶꦥꦿꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦥꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦥꦼꦂꦱꦶꦭ꧀꧈ꦥꦼꦩꦚ꧀ꦕꦂꦫꦝꦶꦪꦺꦴꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦶꦤꦶꦪꦫꦠꦸꦂꦮꦼꦠꦃ꧈ꦗꦱꦤꦶꦫꦏꦧꦂꦱꦾꦃꦭꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦶꦪꦁꦫꦠꦿꦶꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦏꦂꦪ꧈ꦧꦼꦧꦪꦠꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦿꦢꦸꦭꦶ꧉
12 Kaping sanga wulan tiga/ nuli prapta ing Sumběrpanḍan pěrsil/ pěmancar raḍionipun/ piniyara tur wětah/ jasanira kabar syah lan kancanipun/ siyang ratri nyambut karya/ běbaya tan dèn praduli//
꧑꧓ ꧄ꦗꦩ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦱꦺꦴꦫꦺꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠ꧈ꦩꦼꦝꦂꦱꦧ꧀ꦢꦭꦸꦩꦤ꧀ꦠꦂꦫꦝꦶꦪꦺꦴꦒ꧀ꦭꦶꦱ꧀꧈ꦮꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦶꦗꦶꦱꦶꦏꦥ꧀ꦥꦩꦿꦺꦤ꧀ꦠꦃ꧈ꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃꦔꦸꦩꦸꦩ꧀ꦩꦏꦺꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦁꦤꦪꦏꦥꦏ꧀ꦱꦸꦥꦼꦤ꧈ꦏꦁꦒꦸꦒꦸꦂꦭꦧꦸꦃꦤꦒꦫꦶ꧉
13 Jam wolu soré Pak Santa/ měḍar sabda lumantar raḍio glis/ wosing pangandikanipun/ siji sikap pamrèntah/ kaping kalih ngumumaké sèdanipun/ sang nayaka Pak Supěna/ kang gugur labuh nagari //
꧑꧔ ꧄ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦶꦤꦶꦫ꧈ꦏꦥꦶꦉꦁꦏꦁꦠꦼꦔꦫꦩꦿꦠꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦤꦶ꧈ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦤꦶꦁꦏꦁꦩꦺꦴꦠꦺꦴꦂꦩꦧꦸꦂ꧈ꦩꦶꦭꦒꦾꦒꦼꦒꦚ꧀ꦕꦁꦔꦤ꧀꧈ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦼꦤ꧀ꦝꦁꦭꦤ꧀ꦱꦼꦒꦮꦺꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦮꦤꦉꦗ꧈ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦚꦫꦺꦱꦫꦠꦿꦶ꧉
14 Ènjangipun wus kinira/ kapirěng kang těngara mratanḍani/ praptaning kang motor mabur/ mila gya gěgancangan/ langkung sěnḍang lan sěgawé lampahipun/ praptèng ḍusun Wanarěja/ ing kono nyaré saratri//
꧑꧕ ꧄ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦿꦸꦱ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈ꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦸꦤ꧀ꦛꦸꦏ꧀ꦧꦸꦗꦼꦭ꧀ꦤꦩꦤꦶꦁꦲꦂꦢꦶ꧈ꦒꦼꦒꦚ꧀ꦕꦁꦔꦤ꧀ꦒꦾꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀꧈ꦩꦿꦶꦁꦠ꧀ꦭꦱꦶꦃꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦝꦼꦏꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦠꦽꦁꦒꦭꦺꦏ꧀ꦩꦸꦁꦥꦠ꧀ꦏꦶꦭꦺꦴꦠꦼꦧꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶꦥꦶꦤꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦝꦺꦴꦏꦂ꧈ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦧꦱꦸꦏꦶ꧉
15 Nuntěn sami nruskěn lampah/ langkung punṭuk Bujěl namaning ardi/ gěgancangan gya tumurun/ mring Tlasih raning ḍěkah/ lan Trěnggalèk mung pat kilo těbihipun/ nuli piněṭuk ing ḍokar/ dumugi kanṭi basuki//
꧑꧖ ꧄ꦲꦶꦁꦠꦽꦁꦒꦭꦺꦏ꧀ꦥꦿꦭꦭꦤ꧈ꦊꦉꦩ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦤꦶꦫꦧꦸꦱꦸꦱ꧀ꦏꦁꦧꦶꦧꦶ꧈ꦒꦂꦮꦺꦁꦮꦢꦤꦥꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦱꦸꦮꦂꦢꦶꦏꦁꦲꦱ꧀ꦩ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦸꦏꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦥꦺꦤꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦲꦸꦒꦶꦮꦸꦱ꧀ꦠꦼꦥꦁ꧈ꦢꦸꦏ꧀ꦲꦤꦺꦴꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦫꦺꦃꦏꦼꦝꦶꦫꦶ꧉
16 Ing Trěnggalèk pra lalana/ lěrěm wismanira Bu Sus kang bibi/ garwèng wadana pènsiun/ Pak Suwardi kang asma/ sangět suka pinanggih pènakanipun/ Pak Santa ugi wus těpang/ duk anom lan rèh Kěḍiri//
***
꧄ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀꧄
꧑ ꧄ꦠꦽꦁꦒꦭꦺꦏ꧀ꦏꦁꦮꦶꦤꦸꦂꦱꦶꦠ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦧꦸꦩꦶꦲꦔꦸꦱ꧀ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦸꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀꧈ꦱꦢꦪꦧꦔꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦒꦿꦶ꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦶꦤꦼꦩ꧀ꦥꦸꦂꦒꦸꦱꦶꦱ꧀꧈ꦤꦩꦸꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦠꦶꦭꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦢꦭꦃꦉꦩꦸꦏꦤ꧀ꦧꦠ꧈ꦠꦼꦭꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦏꦸꦠ꧀ꦲꦧꦶꦱ꧀꧈ꦩꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦛꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦝꦁꦗꦶꦔ꧀ꦒ꧀ꦭꦁ꧉
1 Trěnggalèk kang winursita/ wus dèn bumi angus yěkti/ kabupatèn lan kunjaran/ sadaya bangunan nagri/ sampun giněmpur gusis/ namung kantun tilasipun/ dalah rěmukan bata/ tělas dipun angkut abis/ milanipun kiṭa katon paḍang jingglang//
꧒ ꧄ꦲꦶꦁꦠꦽꦁꦒꦭꦺꦏ꧀ꦥꦿꦭꦭꦤ꧈ꦱꦩꦶꦩꦽꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶ꧈꧌ꦏ꧈ꦢ꧈ꦩ꧈꧍ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦚ꧈ꦏꦁꦊꦁꦒꦃꦚꦢꦺꦫꦺꦁꦭꦩꦶ꧈ꦮꦶꦠ꧀꧌ꦏ꧈ꦢ꧈ꦩ꧈꧍ꦏꦁꦝꦶꦲꦶꦤ꧀꧈ꦠꦺꦠꦺꦭꦲꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦫꦸꦱꦸꦃ꧈ꦥꦿꦩꦶꦭꦢꦺꦤ꧀ꦱꦶꦁꦏꦶꦂꦤ꧈ꦥꦱꦸꦏꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥ꧀ꦏꦁꦔ꧀ꦭꦸꦕꦸꦠ꧀ꦠꦶ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦚꦧꦺꦫꦺꦱ꧀ꦱꦶꦤꦿꦃꦏꦼꦤ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦫ꧉
2 Ing Trěnggalèk pra lalana/ sami mrělokkěn manggihi/ K.D.M. Tulus arannya/ kang lěnggahnya dèrèng lami/ wit K.D.M. kang ḍihin/ tètèla atindak rusuh/ pramila dèn singkirna/ pasukan trip kang nglucuti/ wusnya bèrès sinrahkěn wangsul těntara//
꧓ ꧄ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠ꧈ꦥꦏ꧀ꦮꦢꦤꦫꦤ꧀ꦩꦸꦏꦢꦶ꧈ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦸꦁꦒꦮꦏꦸꦚ꧀ꦗꦫꦤ꧀꧈ꦲꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦭꦤ꧀ꦩꦸꦭꦾꦢꦶ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦧꦸꦏ꧀ꦠꦶ꧈ꦱꦼꦠꦾꦭꦮꦤ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦲꦱꦸꦁꦧꦏꦭ꧀ꦫꦱꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈ꦠꦤ꧀ꦱꦥꦶꦫꦤꦔꦶꦁꦲꦗꦶ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦉꦤꦥꦁꦒꦭꦶꦃꦲꦺꦱꦁꦤꦪꦏ꧉
3 Wontěn manggihi Pak Santa/ pak wadana ran Mukadi/ tuwin punggawa kunjaran/ aran Suma lan Mulyadi/ ingkang minongka bukti/ sětya lawan trěsnanipun/ asung bakal rasukan/ tan sapira nanging aji/ sangět rěna panggalihé sang nayaka//
꧔ ꧄ꦱ꧀ꦮꦶꦗꦶꦢꦶꦤꦤꦸꦭꦶꦥꦿꦥ꧀ꦠ꧈ꦩꦸꦢꦪꦠ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦔꦮꦶ꧈ꦥꦽꦭꦸꦔꦠꦸꦂꦫꦶꦥꦮꦂꦠ꧈ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦥꦏ꧀ꦒꦸꦥ꧀ꦤꦸꦂꦩꦸꦂꦗꦤꦶ꧈ꦥꦏ꧀ꦗꦤꦥꦏ꧀ꦱꦤꦸꦱꦶ꧈ꦢꦸꦭ꧀ꦄꦂꦤꦮꦄꦭꦾꦱ꧀ꦕꦏ꧀ꦢꦸꦭ꧀꧈ꦱꦩꦶꦠꦶꦤꦸꦏꦸꦥ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃ꧈ꦥꦶꦁꦥꦠ꧀ꦭꦶꦏꦸꦂꦥꦺꦧꦿꦸꦮꦫꦶ꧈ꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦭꦶꦏꦒꦤ꧀ꦠꦼꦂꦱꦶꦤꦼꦫꦁ꧉
4 Swiji dina nuli prapta/ Mudayat Bupati Ngawi/ prělu ngaturi pawarta/ lamun Pak Gubnur Murjani/ Pak Jana Pak Sanusi/ Dul Arnawa alyas Cak Dul/ sami tinukup měngsah/ ping patlikur Pèbruari/ tunggal dintěn nalika Gantěr siněrang//
꧕ ꧄ꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦒꦸꦥ꧀ꦤꦸꦂꦗꦮꦶꦮꦺꦠꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦮꦏꦶꦭ꧀ꦚꦭꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦱꦩꦶ꧈ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦸꦒꦶꦠꦤ꧀ꦏꦥꦶꦂꦱꦤ꧀꧈ꦩꦿꦶꦁꦤꦪꦏꦝꦭꦩ꧀ꦤꦼꦒꦿꦶ꧈ꦩꦺꦴꦁꦏꦥꦽꦭꦸꦢꦺꦤ꧀ꦲꦒ꧀ꦭꦶꦱ꧀꧈ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦏꦠ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦩꦶꦭꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦔꦁꦏꦠ꧀꧈ꦉꦱ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦩꦢꦶꦪꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧈ꦱꦩꦢꦶꦏꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦸꦥ꧀ꦤꦸꦂꦗꦮꦶꦮꦺꦠꦤ꧀꧉
5 Rèhning gupnur Jawi Wètan/ lan wakilnya lowong sami/ sagěd ugi tan kapirsan/ mring nayaka ḍalam něgri/ mongka prělu dèn aglis/ dipun angkat gěntosipun/ mila Pak Santa ngangkat/ rěsḍèn Madiun rumiyin/ Samadikun dados gupnur Jawi Wètan//
꧖ ꧄ꦧꦸꦥꦠꦶꦔꦮꦶꦩꦸꦢꦪꦠ꧀꧈ꦩꦠꦸꦂꦩꦺꦴꦥꦺꦴꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦔꦮꦶ꧈ꦮꦶꦠ꧀ꦒꦸꦩꦼꦠꦼꦂꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦲꦥꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦭꦩ꧀ꦩꦶ꧈ꦢꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀꧌ꦥ꧈ꦏ꧈ꦆ꧈꧍꧈ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦤ꧀ꦭꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦠꦤ꧀ꦏꦮꦿꦠꦤ꧀꧈ꦲꦸꦒꦼꦂꦥꦏ꧀ꦉꦱ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦤꦔꦿꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦶ꧈ꦥꦏ꧀ꦩꦸꦢꦪꦠ꧀ꦧꦾꦤ꧀ꦠꦸꦒꦸꦥ꧀ꦤꦸꦂꦗꦮꦶꦮꦺꦠꦤ꧀꧉
6 Bupati Ngawi Mudayat/ matur mopo wangsul Ngawi/ wit gumětěr yèn kèngětan/ apa kang wus dèn alami/ duk ing jaman P.K.I./ sakalangkung nlangsanipun/ Pak Santa tan kawratan/ ugěr pak rěsḍèn ngrujuki/ Pak Mudayat byantu gupnur Jawi Wètan//
꧗ ꧄ꦲꦶꦁꦠꦽꦁꦒꦭꦺꦏ꧀ꦥꦿꦭꦭꦤ꧈ꦱꦶꦤꦸꦒꦠꦭꦸꦮꦶꦃꦭꦸꦮꦶꦃ꧈ꦥꦏ꧀ꦱꦸꦮꦂꦢꦶꦩꦶꦮꦃꦒꦂꦮ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦫꦒꦸꦩꦠꦶ꧈ꦢꦢꦏꦤ꧀ꦩꦺꦴꦠꦺꦴꦁꦏꦩ꧀ꦧꦶꦁ꧈ꦱꦠꦺꦒꦸꦭꦺꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦩꦸꦩꦸꦠ꧀꧈ꦥꦿꦩꦶꦭꦱꦔꦼꦠ꧀ꦕꦸꦮ꧈ꦠꦤ꧀ꦢꦔꦸꦏꦼꦥꦼꦏ꧀ꦱꦥꦩꦶꦠ꧀꧈ꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦛꦥꦱ꧀ꦛꦶꦏꦛꦃꦱꦤ꧀ꦢꦶꦩꦼꦁꦱꦃ꧉
7 Ing Trěnggalèk pra lalana/ sinugata luwih-luwih/ Pak Suwardi miwah garwa/ sangět gènira gumati/ dadakan motong kambing/ saté gulé ěmpuk mumut/ pramila sangět cuwa/ tan dangu kěpěksa pamit/ wit ing kiṭa pasṭi kaṭah sandi měngsah//
꧘ ꧄ꦥꦶꦁꦠꦿꦶꦮꦼꦭꦱ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦠꦶꦒ꧈ꦠꦽꦁꦒꦭꦺꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦭꦂꦔꦭꦶꦃ꧈ꦥꦏ꧀ꦢꦤꦝꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦏꦫꦁꦔꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦫꦤ꧀ꦤꦶꦫꦭꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀꧈ꦠꦁꦏꦱ꧀ꦩꦶꦮꦃꦥꦿꦠꦶꦠꦶꦱ꧀꧈ꦱꦸꦩꦼꦁꦏꦩꦽꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦩꦼꦛꦸꦏ꧀꧈ꦒꦾꦱꦩꦶꦤꦶꦠꦶꦃꦝꦺꦴꦏꦂ꧈ꦩꦶꦭꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦧ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦧꦶꦁ꧈ꦚꦫꦺꦮꦶꦱ꧀ꦩꦤꦶꦫꦥꦏ꧀ꦩꦂꦠꦢꦶꦩꦼꦗ꧉
8 Ping tri wělas wulan tiga/ Trěnggalèk tinilar ngalih/ Pak Dana ḍistrik Karangan/ ingkang aranira Lantip/ tangkas miwah pratitis/ suměngka mrělokké měṭuk/ gya sami nitih ḍokar/ mila ènggal praptèng blimbing/ nyaré wismanira Pak Martadiměja//
꧙ ꧄ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦢꦭꦸꦊꦉꦩ꧀ꦩꦶꦫ꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦼꦏꦃꦲꦤ꧀ꦧ꧀ꦭꦶꦩ꧀ꦧꦶꦁ꧈ꦤꦸꦭꦶꦧꦶꦝꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦝꦺꦴꦁꦏ꧈ꦲꦶꦔꦤ꧀ꦠꦼꦂꦥꦏ꧀ꦢꦤꦭꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀꧈ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦤꦶꦁꦕꦫꦶꦏ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦤꦸꦁꦒꦸ꧈ꦥꦏ꧀ꦢꦤꦥꦁꦒꦸꦭ꧀ꦏꦸꦱ꧀ꦤ꧈ꦥꦏ꧀ꦎꦤ꧀ꦢꦼꦂꦝꦺꦴꦁꦏꦠꦤ꧀ꦏꦫꦶ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦸꦏꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦫꦲꦂꦗ꧉
9 Gangsal dalu lěrěmira/ wontěn ing ḍěkahan Blimbing/ nuli biḍal ḍatěng ḍongka/ ingantěr Pak Dana Lantip/ jujug wismaning carik/ ing kono katon tinunggu/ Pak Dana Panggul Kusna/ Pak Onděr ḍongka tan kari/ sangět suka pinanggih sami raharja//
꧑꧐ ꧄ꦥꦏ꧀ꦮꦢꦤꦥꦁꦒꦸꦭ꧀ꦏꦸꦱ꧀ꦤ꧈ꦕꦸꦏꦸꦥ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦂꦢꦶ꧈ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦏꦒꦼꦩ꧀ꦥꦿꦭꦭꦤ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦲꦠꦸꦂꦱꦔꦼꦠ꧀ꦫꦥꦶ꧈ꦲꦶꦁꦝꦺꦴꦁꦏꦥꦶꦠꦸꦁꦫꦠꦿꦶ꧈ꦤꦸꦭꦶꦤꦿꦸꦱ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦶꦤꦸꦠꦸꦱ꧀ꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦶꦫ꧈ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦶꦏꦶꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦼꦥꦶ꧈ꦱꦩꦶꦚꦫꦺꦮꦶꦱ꧀ꦩꦤꦶꦫꦧꦥꦏ꧀ꦭꦸꦫꦃ꧉
10 Pak Wadana Panggul Kusna/ cukup tumindak ing kardi/ wisma kagěm pra lalana/ wus dèn atur sangět rapi/ ing ḍongka pitung ratri/ nuli nruskěn lampahipun/ pinutus purugira/ ḍusun Siki klangkung sěpi/ sami nyaré wismanira bapak lurah//
꧑꧑ ꧄ꦠꦼꦭꦸꦁꦢꦶꦤꦊꦉꦩ꧀ꦩꦶꦫ꧈ꦩꦁꦒꦺꦤ꧀ꦥꦝꦸꦏꦸꦃꦲꦤ꧀ꦱꦶꦏꦶ꧈ꦤꦸꦭꦶꦱꦩꦶꦤꦿꦸꦱ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈ꦩꦿꦶꦁꦱꦮꦃꦲꦤ꧀ꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦢꦺꦱꦶ꧈ꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦏꦭꦶꦧꦚ꧀ꦗꦶꦂ꧈ꦲꦚꦧꦿꦁꦱꦂꦮꦶꦠꦶꦤꦤ꧀ꦝꦸ꧈ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦮꦃꦲꦤ꧀꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦔꦸꦒꦺꦤ꧀ꦚꦔꦤ꧀ꦠꦶ꧈ꦥꦏ꧀ꦎꦤ꧀ꦢꦼꦂꦥꦁꦒꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦏ꧀ꦮꦢꦤꦏꦸꦱ꧀ꦤ꧉
11 Tělung dina lěrěmira/ manggèn paḍukuhan Siki/ nuli sami nruskěn lampah/ mring Sawahan raning dèsi/ nglangkungi kali banjir/ anyabrang sarwi tinanḍu/ praptèng ḍusun Sawahan/ sampun dangu gènnya nganti/ Pak Onděr Panggul lan Pak Wadana Kusna//
꧑꧒ ꧄ꦩꦸꦁꦱꦫꦠꦿꦶꦤꦺꦁꦱꦮꦃꦲꦤ꧀꧈ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦫꦧꦶꦝꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈ꦩꦫꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦏꦫꦁꦠꦼꦔꦃ꧈ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦫꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦂꦢꦶ꧈ꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦼꦢꦼꦂꦠꦸꦂꦫꦸꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀꧈ꦲꦶꦔꦤ꧀ꦠꦼꦂꦥꦏ꧀ꦢꦤꦥꦁꦒꦸꦭ꧀꧈ꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦩꦂꦒꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀꧈ꦔ꧀ꦭꦶꦥꦸꦂꦏꦁꦱꦩꦶꦭꦸꦩꦫꦶꦱ꧀꧈ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦒꦮꦺꦧꦶꦔꦂ꧉
12 Mung saratri nèng Sawahan/ ènjangira biḍal malih/ maring ḍusun Karangtěngah/ lampahira minggah ardi/ kang anděděr tur rumpil/ ingantěr Pak Dana Panggul/ turut margi těmbangan/ nglipur kang sami lumaris/ ḍanḍanggula ènak ěmpuk gawé bingar//
***
꧄ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ꧄
꧑ ꧄ꦏꦫꦁꦠꦼꦔꦃꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦔ꧀ꦒ꧀ꦮꦶꦁꦉꦢꦶ꧈ꦭꦸꦫꦃꦲꦶꦫꦱꦂꦧꦶꦤꦶꦲꦫꦤ꧀ꦚ꧈ꦮꦱꦶꦱ꧀ꦲꦩꦶꦩ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦫꦏꦾꦠ꧀ꦠꦺ꧈ꦢꦸꦏ꧀ꦲꦤꦺꦴꦩ꧀ꦢꦢꦶꦒꦸꦫꦸ꧈ꦩꦶꦭꦕꦸꦏꦠ꧀ꦠꦸꦂꦱꦂꦮꦠꦿꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀꧈ꦔꦠꦸꦂꦧꦸꦠꦸꦃꦲꦶꦁꦢꦺꦱ꧈ꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠ꧀ꦫꦺꦥꦺꦴꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦧꦼꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦠꦤ꧀ꦠꦺꦴꦩ꧀ꦥ꧈ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦢꦼꦒ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦃꦠꦶꦪꦂꦥꦿꦶꦧꦢꦶ꧈ꦢꦸꦮꦺꦱꦏꦺꦴꦭꦃꦫꦏꦾꦠ꧀꧉
1 Karangtěngah ḍusun munggwing rědi/ lurahira Sarbini arannya/ wasis amimpin rakyaté/ duk anom dadi guru/ mila cukat tur sarwa trampil/ ngatur butuhing dèsa/ lan bot repotipun/ nadyan běngkoké tan tompa/ sagěd maděg saking ihtiyar pribadi/ duwé sakolah rakyat//
꧒ ꧄ꦥꦿꦭꦭꦤꦩꦂꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦩꦂꦠꦸꦮꦶ꧈ꦥꦏ꧀ꦮꦢꦤꦩꦶꦮꦃꦏꦸꦭꦮꦂꦒ꧈ꦲꦶꦁꦏꦶꦛꦥꦁꦒꦸꦭ꧀ꦊꦁꦒꦃꦲꦺ꧈ꦔꦶꦫꦱ꧀ꦩꦶꦂꦱꦤꦶꦭꦲꦸꦠ꧀꧈ꦏꦁꦲꦭꦸꦤ꧀ꦚꦲꦒꦼꦁꦔꦗꦿꦶꦃꦲꦶ꧈ꦱꦩꦺꦴꦢꦿꦏꦭꦺꦴꦏꦺꦁꦫꦠ꧀꧈ꦒꦶꦃꦱꦒꦫꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈ꦧꦸꦮꦢꦤꦲꦚꦸꦒꦠ꧈ꦤꦺꦏꦮꦂꦤꦒꦸꦝꦼꦒ꧀ꦤꦔꦾꦸꦒ꧀ꦗꦢꦠꦤ꧀ꦏꦫꦶ꧈ꦥꦿꦠꦩꦸꦱꦸꦏꦺꦁꦢꦿꦶꦪ꧉
2 Pra lalana marlokkěn martuwi/ pak wadana miwah kulawarga/ ing kiṭa Panggul lěnggahé/ ngiras mirsani laut/ kang alunnya agěng ngajrihi/ samodra kalokèng rat/ gih sagara kidul/ bu wadana anyugata/ nèka warna guḍěg Ngyugja datan kari/ pra tamu sukèng driya//
꧓ ꧄ꦤꦭꦶꦏꦤꦺꦁꦏꦫꦁꦠꦼꦔꦃꦢꦺꦱꦶ꧈ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦥꦕꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦧꦥꦏ꧀ꦱꦸꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶꦲꦱ꧀ꦩꦤꦺ꧈ꦏ꧀ꦭꦪꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦮꦢꦤꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦒ꧀ꦱꦼꦱꦶꦭꦶꦃ꧈ꦱꦱꦿꦄꦢꦶꦱꦺꦮꦪ꧈ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦤꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃ꧈ꦥꦏ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦥꦏ꧀ꦮꦢꦤ꧈ꦏꦼꦏꦭꦶꦃꦚꦭꦶꦂꦧꦥꦏ꧀ꦫꦏꦾꦠ꧀ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈ꦗꦠꦶꦤꦶꦁꦥꦩꦺꦴꦁꦥꦿꦗ꧉
3 Nalika nèng Karangtěngah dèsi/ prapta sowan Bupati Pacitan/ Bapak Suběkti asmané/ klayan panḍèrèkipun/ pak wadana lorog sěsilih/ Sasra Adisèwaya/ saèstuné mungguh/ pak bupati pak wadana/ kěkalihnya lir bapak rakyat sayěkti/ jatining pamong praja//
꧔ ꧄ꦱꦺꦗꦺꦢꦶꦤꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦼꦏꦤ꧀ꦤꦶ꧈ꦥꦿꦮꦶꦫꦤꦺꦴꦩ꧀ꦭꦸꦧꦶꦱ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦭꦺꦠ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦤꦺꦭ꧀ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦠꦺ꧈ꦩꦿꦶꦁꦱꦁꦤꦪꦏꦩꦠꦸꦂ꧈ꦢꦺꦮꦤ꧀ꦏꦼꦲꦩꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦶ꧈ꦲꦸꦱꦸꦭ꧀ꦮꦏꦶꦭ꧀ꦏꦤꦝꦃ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦺꦴꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦫꦺꦥꦸꦧ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦥꦼꦩꦿꦶꦤ꧀ꦠꦃꦲꦶꦫ꧈ꦏꦼꦢꦃꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦱꦫꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏꦺꦴꦤ꧀ꦥꦿꦺꦤ꧀ꦱꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦒꦼꦚ꧀ꦕꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦼꦚ꧀ꦗꦠ꧉
4 Sèjé dina wontěn aněkani/ prawira nom Lubis aranira/ lètnan kolonèl pangkaté/ mring sang nayaka matur/ dèwan kěamanan wus nampi/ usul wakil Kanaḍah/ ingkang pokokipun/ rèpublik pěmrintahira/ kědah wangsul ngrěmbag sarating konprènsi/ lan gěncatan sěnjata//
꧕ ꧄ꦢꦸꦥꦶꦝꦮꦃꦩꦊꦩ꧀ꦗꦸꦩ꧀ꦮꦃꦭ꧀ꦭꦼꦒꦶ꧈ꦏ꧀ꦭꦼꦉꦱ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦼꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠ꧈ꦭꦸꦫꦃꦔꦸꦂꦩꦠꦶꦏꦉꦥ꧀ꦥꦺ꧈ꦕꦶꦤꦼꦒꦃꦩꦼꦏ꧀ꦱꦥꦸꦒꦸꦃ꧈ꦱꦁꦤꦪꦏꦩꦼꦏ꧀ꦱꦔ꧀ꦭꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶ꧈ꦉꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦕꦸꦕꦭ꧀꧈ꦝꦭꦁꦮꦸꦱ꧀ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂ꧈ꦉꦢꦶꦱꦤꦏꦫꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦔꦼꦩꦸꦫꦱꦱꦧꦼꦠ꧀ꦩꦶꦕꦫꦥꦿꦠꦶꦠꦶꦱ꧀꧈ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦚ꧉
5 Dupi ḍawah malěm Jumwah Lěgi/ klěrěs dintěn wětoné Pak Santa/ lurah ngurmati karěpé/ ciněgah měksa puguh/ sang nayaka měksa nglilani/ rěringgitan wacucal/ ḍalang wus misuwur/ Rědisana karanira/ ngěmu rasa sabět micara pratitis/ Dèwaruci lakonnya//
꧖ ꧄ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦱꦔꦢꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀꧈ꦥꦿꦭꦭꦤꦤꦶꦭꦂꦏꦫꦁꦠꦼꦔꦃ꧈ꦩꦫꦶꦁꦏꦼꦠꦁꦒꦸꦁꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦺ꧈ꦭꦸꦫꦃꦲꦺꦤꦸꦗꦸꦏꦻꦴꦭ꧀꧈ꦠꦩ꧀ꦧꦃꦥꦸꦠꦸꦭꦻꦂꦧꦱꦸꦏꦶ꧈ꦤꦼꦢꦾꦔ꧀ꦭꦸꦮꦂꦫꦶꦲꦸꦗꦂ꧈ꦔ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦗꦁꦒꦿꦸꦁ꧈ꦱꦁꦤꦪꦏꦱꦒꦼꦢ꧀ꦥꦶꦂꦱ꧈ꦠꦠꦤ꧀ꦤꦶꦫꦢꦺꦱꦥꦿꦥꦩꦸꦝꦠꦤꦶ꧈ꦲꦤꦪꦸꦧ꧀ꦥꦫꦶꦱꦸꦏ꧉
6 Tanggal sanga duk ing wulan April/ pra lalana nilar Karangtěngah/ maring Kětanggung purugé/ lurahé nuju kaul/ tambah putu lair basuki/ nědya ngluwari ujar/ ngwontěnakěn janggrung/ sang nayaka sagěd pirsa/ tatanira dèsa pra pamuḍa tani/ anayub parisuka//
꧗ ꧄ꦲꦶꦁꦏꦼꦠꦁꦒꦸꦁꦊꦉꦩ꧀ꦱꦥ꧀ꦠꦺꦁꦫꦠꦿꦶ꧈ꦥꦿꦭꦭꦤꦔ꧀ꦭꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈ꦔꦢꦶꦫꦗꦠꦸꦗꦸꦮꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦏꦶꦛꦥꦶꦊꦁꦒꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦮꦢꦤꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦒ꧀ꦏꦁꦝꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀꧈ꦊꦉꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦮꦼꦢꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈ꦚꦫꦺꦩꦸꦁꦱꦢꦭꦸ꧈ꦥꦿꦭꦭꦤꦱꦸꦏꦺꦁꦢꦿꦶꦪ꧈ꦱꦶꦤꦸꦒꦠꦧꦸꦢꦤꦮꦱꦶꦱ꧀ꦠꦸꦂꦠꦿꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀꧈ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦱꦔꦥꦸꦠꦿꦚ꧉
7 Ing Kětanggung lěrěm saptèng ratri/ pra lalana nglajěngakěn lampah/ Ngadiraja tujuané/ kiṭa pilěnggahipun/ pak wadana lorog kang ḍistrik/ lěrěm ing kawědanan/ nyaré mung sadalu/ pra lalana sukèng driya/ sinugata bu dana wasis tur trampil/ nadyan sanga putranya//
꧘ ꧄ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦿꦸꦱ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦱꦩꦶ꧈ꦩꦿꦶꦁꦠꦚ꧀ꦗꦸꦁꦭꦺꦴꦂꦭꦺꦫꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦺꦁꦭꦸꦫꦃ꧈ꦄꦠ꧀ꦩꦮꦶꦪꦠꦏꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦭꦸꦫꦃꦠꦚ꧀ꦗꦸꦁꦭꦺꦴꦂꦲꦶꦏꦸ꧈ꦮꦠꦏ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦗꦠ꧀ꦩꦶꦏꦮꦱꦶꦱ꧀꧈ꦱꦺꦴꦭꦃꦧꦮꦗꦤꦏ꧈ꦏ꧀ꦭꦺꦕꦼꦩ꧀ꦱꦼꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦄꦤꦤ꧀ꦠꦭꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦚ꧈ꦱꦩꦶꦩꦁꦒꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏ꧀ꦭꦸꦫꦃꦲꦤ꧀ꦮꦤꦱꦫꦶ꧈ꦱꦶꦁꦠꦚ꧀ꦗꦸꦁꦢꦠꦤ꧀ꦠꦼꦧꦃ꧉
8 Ènjangipun nruskěn lampah sami/ mring Tanjung Lor lèrèn wismèng lurah/ Atmawiyata karané/ lurah Tanjung Lor iku/ watak kènděl jatmika wasis/ solah bawa Janaka/ klècěm sěmunipun/ Pak Ananta lan kancanya/ sami manggèn ing klurahan Wanasari/ sing Tanjung datan těbah//
꧙ ꧄ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦿꦭꦭꦤꦱꦩꦶ꧈ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦸꦮꦶꦥꦏ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦱꦸꦏꦶꦗꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦮꦤꦢꦢꦶꦊꦁꦒꦃꦲꦺ꧈ꦏꦛꦃꦥꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀꧈ꦥꦶꦤꦫꦶꦏ꧀ꦱꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦶꦤꦸꦤ꧀ꦠꦶꦏ꧀꧈ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦏꦁꦧꦢꦤ꧀ꦚ꧈ꦒꦼꦩꦸꦏ꧀ꦊꦩꦒꦼꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦭꦸꦧꦺꦂꦧꦸꦢꦶꦚ꧈ꦩꦿꦶꦃꦠꦤ꧀ꦕꦸꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦠꦶꦏ꧀꧈ꦠꦶꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉
9 Sanès dintěn pra lalana sami/ tindak tuwi Pak ḍoktěr Sukijan/ ing Wanadadi lěnggahé/ kaṭah panḍèrèk nyuwun/ pinariksa tuwin sinuntik/ sanadyan kang badannya/ gěmuk lěma gěnḍut/ pak ḍoktěr lubèr budinya/ mrih tan cuwa ingkang sami nyuwun suntik/ tinurutan sadaya//
꧑꧐ ꧄ꦲꦶꦁꦠꦚ꧀ꦗꦸꦁꦭꦺꦴꦂꦚꦫꦺꦒꦁꦱꦭ꧀ꦫꦠꦿꦶ꧈ꦥꦿꦭꦭꦤꦤꦸꦭꦶꦱꦩꦶꦧꦶꦝꦭ꧀꧈ꦩꦿꦶꦁꦝꦸꦏꦸꦃꦥꦏꦶꦱ꧀ꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦺ꧈ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦶꦤꦼꦁꦏꦸꦠꦚ꧀ꦗꦸꦁ꧈ꦗꦒꦧꦪꦏꦺꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦝꦼꦭꦶꦏ꧀ꦒꦿꦶꦪꦚ꧈ꦩꦸꦔ꧀ꦒ꧀ꦮꦶꦁꦭꦺꦫꦺꦁꦒꦸꦤꦸꦁ꧈ꦧꦥꦏ꧀꧌ꦏ꧈ꦢ꧈ꦩ꧈꧍ꦥꦕꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦢꦸꦩꦫꦺꦴꦗꦺꦴꦒ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶ꧈ꦲꦂꦱꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦫꦤ꧀꧉
10 Ing Tanjung Lor nyaré gangsal ratri/ pra lalana nuli sami biḍal/ mring ḍukuh Pakis purugé/ taksih winěngku Tanjung/ jagabaya kèn dèn ponḍoki/ sangět ḍělik griyanya/ munggwing lèrèng gunung/ Bapak K.D.M. Pacitan/ dumarojog prapta sowan amanggihi/ Harsana ingkang aran//
꧑꧑ ꧄ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦶꦏꦺꦴꦕꦥ꧀ꦫꦤ꧀ꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀ꦱꦸꦏꦂꦢꦶ꧈ꦥꦼꦩꦸꦝꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦏꦫꦁꦠꦼꦔꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀ꦠꦽꦁꦒꦶꦤꦱ꧀ꦱꦺꦴꦭꦃꦲꦺ꧈ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦤ꧀ꦲꦶꦔꦸꦠꦸꦱ꧀꧈ꦩꦿꦶꦁꦥꦤꦫꦒꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶ꧈ꦧꦸꦥꦠꦶꦧꦥꦏ꧀ꦕꦏꦿ꧈ꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦸꦏꦸꦥ꧀꧈ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦮꦸꦱ꧀ꦥꦶꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦏꦂꦪ꧈ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦧꦫꦁꦫꦸꦥꦶꦫꦸꦥꦶ꧈ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦺꦥꦏ꧀ꦕꦏꦿ꧉
11 Gěnti kocap ran Slamět Sukardi/ pěmuḍa ḍèrèk wit Karangtěngah/ Lantip trěngginas solahé/ punika pan ingutus/ mring Panaraga manggihi/ Bupati Bapak Cakra/ kang sampun tinukup/ sandi wus pikantuk karya/ sagěd wangsul běkta barang rupi-rupi/ kintunané Pak Cakra//
꧑꧒ ꧄ꦲꦤꦺꦁꦥꦏꦶꦱ꧀ꦏꦠꦩꦸꦮꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈ꦏꦺꦴꦩꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁꦥꦼꦂꦠꦼꦩ꧀ꦥꦸꦂꦫꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦫꦤꦸꦏꦥ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦠꦺ꧈ꦲꦠꦸꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏ꧀ꦫꦤꦸ꧈ꦲꦶꦁꦥꦕꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃꦮꦸꦱ꧀ꦠꦶꦥꦶꦱ꧀꧈ꦒꦼꦫꦶꦭꦾꦠꦿꦸꦱ꧀ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃ꧈ꦩꦼꦁꦱꦃꦱꦿꦶꦁꦥꦶꦤꦸꦏꦸꦭ꧀꧈ꦢꦸꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦼꦫꦃ꧈ꦱꦁꦤꦪꦏꦏꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦝꦼꦏꦃꦲꦤ꧀ꦥꦏꦶꦱ꧀꧈ꦔ꧀ꦭꦼꦉꦩ꧀ꦩꦏꦼꦤ꧀ꦱꦭꦶꦫ꧉
12 Anèng Pakis katamuan malih/ komanḍaning pěrang pěrtěmpuran/ Pak Ranu kaptèn pangkaté/ aturipun Pak Ranu/ ing Pacitan měngsah wus tipis/ gěrilya trus lumampah/ měngsah sring pinukul/ duk punika nuntěn gěrah/ sang nayaka kanḍěg ing ḍěkahan Pakis/ nglěrěmakěn salira//
꧑꧓ ꧄ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦏꦶꦱ꧀ꦏꦭꦶꦃꦢꦱꦫꦠꦿꦶ꧈ꦱꦤ꧀ꦢꦶꦩꦼꦁꦱꦃꦥꦱ꧀ꦛꦶꦮꦸꦱ꧀ꦲꦸꦤꦶꦔ꧈ꦩꦶꦭꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦤꦺ꧈ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦝꦒ꧀ꦗꦶꦤꦸꦗꦸ꧈ꦏꦭꦸꦫꦃꦲꦤ꧀ꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦤꦼꦥ꧀ꦥꦶ꧈ꦭꦸꦫꦃꦏꦂꦠꦱꦼꦤ꧀ꦠꦤ꧈ꦒ꧀ꦭꦼꦤ꧀ꦢꦩ꧀ꦒ꧀ꦭꦼꦤ꧀ꦢꦼꦩ꧀ꦭꦸꦕꦸ꧈ꦩꦶꦕꦫꦠꦸꦂꦮꦱꦶꦱ꧀ꦚꦿꦺꦏꦭ꧀꧈ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦿꦲꦥꦭ꧀ꦕꦿꦶꦠꦊꦧ꧀ꦢꦺꦁꦠꦩ꧀ꦱꦶꦭ꧀꧈ꦮꦸꦭꦤꦔꦿꦺꦃꦮꦼꦝꦠꦩ꧉
13 Wontěn Pakis kalih dasa ratri/ sandi měngsah pasṭi wus uninga/ mila pinḍah prayoginé/ ḍusun Boḍag jinuju/ kalurahan kang dèn iněpi/ lurah Kartasěntana/ glěndam-glěnděm lucu/ micara tur wasis nyrèkal/ rěměn sastra apal crita lěbdèng tamsil/ Wulangrèh Weḍatama//
꧑꧔ ꧄ꦢꦸꦥꦶꦠꦁꦒꦭ꧀ꦏꦭꦶꦃꦢꦱꦩꦺꦆ꧈ꦲꦚꦉꦁꦔꦶꦲꦫꦶꦏꦼꦧꦁꦱꦲꦤ꧀꧈ꦱꦩꦶꦩꦲꦂꦒꦱꦼꦢꦾꦤꦺ꧈ꦩꦿꦶꦁꦱꦶꦢꦩꦸꦭꦾꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈ꦔꦶꦫꦱ꧀ꦠꦸꦮꦶꦧꦥꦏ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶ꧈ꦊꦭꦔꦼꦤ꧀ꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦕꦸꦕꦭ꧀꧈ꦏꦼꦛꦺꦴꦥꦿꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈ꦢꦸꦏ꧀ꦏꦥꦶꦁꦠꦿꦶꦤꦼꦩ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦚ꧈ꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦩꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶꦱꦠꦸꦱ꧀ꦲꦫꦶ꧈ꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏ꧀ꦥꦼꦤ꧉
14 Dupi tanggal kalih dasa Mèi/ anyarěngi ari kěbangsaan/ sami mahargya sědyané/ mring Sidamulya ḍusun/ ngiras tuwi bapak bupati/ lělangěn ringgit cucal/ kěṭoprak tan kantun/ duk kaping tri něm wulannya/ wilujěngan amèngěti satus ari/ sèdanipun Pak Pěna//
꧑꧕ ꧄ꦠꦁꦒꦭ꧀ꦭꦶꦩꦗꦿꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦱꦶꦗꦸꦤꦶ꧈ꦥꦿꦭꦭꦤꦱꦩꦶꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃꦒꦿꦶꦪ꧈ꦩꦿꦶꦁꦤꦒꦱꦫꦶꦢꦼꦱꦤꦺ꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦤꦺꦭꦸꦫꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦢ꧀ꦩꦮꦶꦗꦪꦲꦱꦼꦱꦶꦭꦶꦃ꧈ꦏꦺꦃꦥꦔꦭꦩꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈ꦧꦚꦺꦴꦭ꧀ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦧꦼꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦫ꧈ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦢꦂꦩꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦶ꧈ꦭꦶꦂꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦭꦶꦠ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦚ꧉
15 Tanggal lima jroning sasi Juni/ pra lalana sami pinḍah griya/ mring Nagasari desané/ wondané lurahipun/ Padmawijaya asěsilih/ kèh pangalamanira/ banyol rěměnipun/ nadyan kalih běngkokira/ amběg darma kaṭah ingkang dèn tulungi/ lir kraton lit wismanya//
꧑꧖ ꧄ꦢꦸꦏ꧀ꦤꦭꦶꦏꦩꦊꦩ꧀ꦗꦸꦩ꧀ꦮꦃꦊꦒꦶ꧈ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦗꦸꦤꦶꦩꦊꦩ꧀ꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸꦭꦱ꧀꧈ꦭꦸꦫꦃꦩꦲꦂꦒꦾꦏꦉꦥ꧀ꦥꦺ꧈ꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦮꦼꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦩꦂꦢꦶꦏꦤ꧀ꦚꦉꦁꦔꦶ꧈ꦊꦭꦔꦼꦤ꧀ꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦥꦶꦱꦸꦁꦱꦸꦁ꧈ꦩꦊꦩ꧀ꦩꦺꦠꦁꦒꦭ꧀ꦱꦔꦭꦱ꧀꧈ꦔ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦩꦊꦩ꧀ꦥꦼꦂꦥꦶꦱꦃꦲꦤ꧀ꦉꦱ꧀ꦩꦶ꧈ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦩꦺꦃꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦱꦸꦂꦪ꧉
16 Duk nalika malěm Jumwah Lěgi/ wulan Juni malěm ping pitulas/ lurah mahargya karěpé/ Pak Santa wětonipun/ dintěn kamardikan nyarěngi/ lělangěn ringgit tiyang/ minongka pisungsung/ malěmé tanggal sangalas/ ngwontěnakěn malěm pěrpisahan rěsmi/ ngantos mèh mijil surya//
꧑꧗ ꧄ꦝꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦒ꧀ꦠ꧀ꦭꦠꦃꦲꦩꦤ꧀ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈ꦩꦺꦃꦠꦤ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠ꧀ꦲꦸꦔꦼꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦿꦢꦺꦴꦁꦒ꧈ꦔꦁꦏꦁꦢꦸꦩꦼꦭꦶꦁꦱ꧀ꦮꦫꦤꦺ꧈ꦲꦶꦁꦔꦢꦶꦫꦗꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀꧈ꦏꦛꦃꦱꦶꦱ꧀ꦮꦏꦁꦱꦩꦶꦔꦸꦁꦱꦶ꧈ꦩꦢꦼꦒ꧀꧌ꦱ꧈ꦩ꧈꧍ꦝꦫꦸꦫꦠ꧀꧈ꦕꦠꦸꦂꦒꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦪꦉꦗꦮꦸꦱ꧀ꦚꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ꧈ꦥꦏ꧀ꦧꦸꦥꦠꦶꦭꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦄꦃꦩꦢ꧀ꦱꦸꦥꦂꦢꦶ꧈ꦚꦼꦭꦏ꧀ꦏꦶꦔꦢꦶꦫꦗ꧉
17 Ḍistrik Lorog tlatah aman yěkti/ mèh tan kěnḍat ungěling pradongga/ ngangkang duměling swarané/ ing Ngadiraja kumpul/ kaṭah siswa kang sami ngungsi/ maděg S.M. ḍarurat/ catur gurunipun/ saya rěja wusnya pinḍah/ pak bupati lan Patih Ahmad Supardi/ nyělaki Ngadiraja//
꧑꧘ ꧄ꦏꦭꦶꦃꦩꦶꦁꦒꦸꦚꦫꦺꦤꦒꦱꦫꦶ꧈ꦥꦿꦭꦭꦤꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦧꦶꦝꦭ꧀꧈ꦩꦿꦶꦁꦏꦱꦶꦃꦲꦤ꧀ꦭꦸꦩꦫꦶꦱ꧀ꦱꦺ꧈ꦏꦩ꧀ꦥꦶꦂꦮꦶꦱ꧀ꦩꦥꦏ꧀ꦫꦤꦸ꧈ꦲꦶꦁꦠꦸꦭꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦩꦂꦏꦱ꧀ꦱꦶꦫꦺꦏꦶ꧈ꦱꦶꦤꦼꦒꦃꦝꦲꦂꦱꦶꦪꦁ꧈ꦏꦶꦏꦶꦭ꧀ꦭꦮꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦗꦩ꧀ꦭꦶꦩꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦏꦱꦶꦃꦲꦤ꧀꧈ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦒꦸꦫꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦤꦼꦥ꧀ꦥꦶ꧈ꦥꦏ꧀ꦗꦸꦩꦄꦃꦲꦫꦤ꧀ꦚ꧉
18 Kalih minggu nyaré Nagasari/ pra lalana nuntěn sami biḍal/ mring Kasihan lumarisé/ kampir wisma Pak Ranu/ ing Tulakan markasirèki/ siněgah ḍahar siyang/ kikil lawuhipun/ jam lima praptèng Kasihan/ wisma guru ingkang sami dèn iněpi/ Pak Jumaah arannya//
꧑꧙ ꧄ꦱꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦿꦶꦩ꧀ꦧꦶꦠ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦮꦢꦤꦝꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦠꦼꦒꦭ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧ꧈ꦥꦏ꧀ꦧꦸꦮꦤꦥꦼꦥꦫꦧ꧀ꦧꦺ꧈ꦒꦸꦫꦸꦗꦸꦩꦄꦃꦲꦶꦏꦸ꧈ꦲꦩꦼꦩ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦱꦼꦩꦸꦲꦶꦱꦶꦤ꧀꧈ꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦚ꧈ꦕꦤ꧀ꦛꦱ꧀ꦠꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦥꦏ꧀ꦮꦢꦤꦠꦼꦒꦭ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧ꧈ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦤ꧀ꦭꦺꦴꦁꦱꦩꦂꦒꦶꦢꦸꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀꧌ꦥ꧈ꦏ꧈ꦆ꧍꧈ꦧꦫꦁꦠꦼꦭꦱ꧀ꦫꦶꦤꦩ꧀ꦥꦱ꧀꧉
19 Sontěnipun prapta sowan srimbit/ pak wadana ḍistrik Těgalomba/ Pak Buwana pěparabé/ guru Jumaah iku/ aměm kènděl asěmu isin/ kosok wangsul èstrinya/ canṭas tangkěpipun/ pak wadana Těgalomba/ sangět nlongsa margi duk jaman P.K.I./ barang tělas rinampas//
꧒꧐ ꧄ꦲꦶꦁꦏꦱꦶꦃꦲꦤ꧀ꦚꦫꦺꦏꦭꦶꦃꦫꦠꦿꦶ꧈ꦤꦸꦭꦶꦧꦶꦝꦭ꧀ꦲꦤꦼꦫꦸꦱ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦏꦼꦩꦸꦤꦶꦁꦲꦫꦃꦲꦺ꧈ꦥꦏ꧀ꦢꦤꦢꦠꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈ꦠꦼꦒꦭ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦮꦸꦱ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦭꦶꦮꦠ꧀ꦠꦶ꧈ꦠꦧꦸꦃꦭꦶꦩꦮꦸꦱ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠ꧈ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦏꦁꦠꦶꦤꦸꦗꦸ꧈ꦲꦶꦁꦤꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦤꦼꦁꦒ꧈ꦧꦥꦏ꧀ꦕꦩꦠ꧀ꦠꦼꦒꦭ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦲꦱꦫꦶꦩ꧀ꦧꦶꦠ꧀꧈ꦱꦸꦲꦶꦂꦤꦲꦫꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧉
20 Ing Kasihan nyaré kalih ratri/ nuli biḍal aněruskěn lampah/ ḍusun Kěmuning arahé/ Pak Dana datan kantun/ Těgalomba wus dèn liwati/ tabuh lima wus prapta/ ḍusun kang tinuju/ ing ngriku katon tiněngga/ Bapak Camat Těgalomba asarimbit/ Suhirna aranira//
꧒꧑ ꧄ꦭꦸꦫꦃꦝꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦤ꧀ꦲꦶꦤꦼꦥ꧀ꦥꦶ꧈ꦩꦸꦁꦱꦢꦭꦸꦤꦸꦭꦶꦱꦩꦶꦧꦶꦝꦭ꧀꧈ꦩꦿꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦗꦶꦁꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦺ꧈ꦥꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦤꦶꦠꦶꦃꦏꦸꦝꦥꦤ꧀ꦫꦢꦶꦏꦼꦱꦶꦠ꧀꧈ꦩꦺꦃꦏꦼꦒ꧀ꦭꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁꦲꦶꦁꦗꦸꦫꦁ꧈ꦔꦶꦁꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦫꦲꦪꦸ꧈ꦮꦸꦱ꧀ꦩꦺꦃꦱꦸꦫꦸꦥ꧀ꦭꦒꦶꦥꦿꦥ꧀ꦠ꧈ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦗꦶꦁꦱꦏꦶꦁꦤꦮꦁꦔꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃ꧈ꦔꦱ꧀ꦩꦫꦮꦶꦱ꧀ꦩꦺꦁꦭꦸꦫꦃ꧉
21 Lurah ḍongkol ingkang dèn iněpi/ mung sadalu nuli sami biḍal/ mring ḍusun Mujing purugé/ Pak Santa tindakipun/ nitih kuḍa pan radi kěsit/ mèh kěglunḍung ing jurang/ nging maksih rahayu/ wus mèh surup lagi prapta/ ḍusun Mujing saking Nawangan tan těbih/ ngasmara wismèng lurah//